Lawang Sewu
![]() |
Lawang Sewu ing wanci dalu |
Wonten ing jaman
Landi, Lawang Sewu dipunginakaken minangka kantor pamarintahan sarta papan
resepan toya ingkang wonten ing ruang bawah tanah ingkang nggadhahi ancas
supados lawang sewu hawanipun asrep saha boten banjir. Ananging wonten ing
jaman penjajahan Jepang ruang bawah tanah menika dipungantos fungsinipun dados
penjara bawah tanah, penjara menika awujud penjara ingkang jumeneng saha
penjara ingkang jongkok. Penjara bawah menika ugi minangka papan ingkang
dipunginakaken kangge menggal tahanan bawah tanah menika.
![]() |
Ruang Bawah Tanah |
Lawang Sewu ingkang
minangka papan wisata sejarah ingkang wonten ing Jalan Pemuda Semarang menika
bikak saking jam 07.00 ngantos jam 21.00. Regi tiket mlebet wonten ing Lawang Sewu kagolong mirah, regi tiket kangge diwasa namung 10.000, kangge lare alit
saha pelajar namung 5.000, menawi badhe ngangge jasa guide kangge mandhu
wisata wonten ing saklebetipun lawang sewu namung nambah 30.000. Lawang sewu
ingkang namanipun dipunpendhet saking basa Jawi nggadhahi teges kori ingkang
jimlahipun 1.000, ananging sejatosipun jimlah kori menika namung 429. Nama
lawang sewu menika dipunparingaken minangka jejuluk, amargi bangunan menika
nggadhahi kathah sanget lawang utawi kori.
![]() |
Pelataran Lawang Sewu |
Lawang Sewu kaserat
wonten ing sejarah lawang sewu minangka kantor sepur ingkang wonten ing
Indonesia. Dhasaripun amargi Lawang Sewu dipunbangun minangka Het
Hoofdkantoor Van de Nederlandsch – Indische Spoorweg Maatscappij (NIS).
Lawang sewu sakmenika dipunginakaken minangka kantor pusat saking NIS, inggih
menika perusahaan sepur swasta ingkang wonten ing jaman pamarintahan Hindia
Walandi. Ingkang sepisan dipunbangun inggih menika rel ingkang ngubungaken
Semarang kaliyan “Vorstenlanden” (Surakarta saha Ngyogyakarta) kanthi jalur
ingkang sepisan jalur Semarang Temanggung 1867.
Administrasi NIS
wiwitipun dipuntindhakaken wonten ing Stasiun Semarang NIS. Gesangipun jaringan
ingkang pesat ngakibataken kabetahan ruang kangge makarya ingkang
langkung kathah, saingga dipunputusaken supados bangun kantor administrasi
wonten ing papan ingkang enggal. Papan ingkang kapilih kangge papan
administrasi inggih menika lahan ingkang wonten ing pinggir kitha, caket
kaliyan griyanipun Residen Hindia Walandi, ing ujung kidul Bodjongweg Semarang.
Direksi NOS nyerahaken rencana gedung menika dhumateng Prof Jacob F
Klinkhamer dan saha B.J Ouendag, arsitek saking Amsterdam Walandi. Pambangunan
menika dipunwiwiti 27 Februari 1904 dan selesai 1907.
Kaanan margi ugi
kedah wonten perbaikan langkung rumiyin kanthi galian 4 meter saha dipungantos
kaliyan lapisan vulkanis. Bangunan sepisan ingkang dipundamel inggih menika
griya penjagi saha bangunan percetakan, dipunlajengaken kaliyan bangunan utama.
Saksampunipun dipunginakaken mapinten-pinten taun, wonten ing taun 1916 – 1918
dipunlaksanaken pambangunan bangunan tambahan . Nalika taun 1873 rel ingkang
sepisanan wonten ing Hindia Walandi rampung anggenipun bangun. Rel menika
dipunbangun dening Nederlandsch Indische Spoorweg maatschappij (NIS),
perusahaan swasta ingkang pikanthuk konsesi saking pamarintah kolonial
kangge ngubungaken dhaerahipun petani ingkang subur wonten ing Jawa Tengah
kanthi kitha pelabuhan Semarang (Durrant, 1972). Stasiun wonten ing Semarang
wonten ing dhaerah Tambaksariingkang caket kaliyan pelabuhan.
Wonten ing
paralihan abad ke-20 NIS bangun stasiun-stasiun ingkang enggal kanthi ukuran
ingkang langkung ageng. Nalika taun 1914 stasiun Tambaksari dipungantos kaliyan
Stasiun Tawang. Sakderengipun wonten ing taun 1908 kantor pusat NIS ingkang
enggal rampung anggenipun bangun, bangunan menika wonten ing ujung jalan
Bodjong, ing Wilhelmina Plein wonten ing sabrangipun griya saking Gubernur.
Kantor pusat NIS ingkang enggal inggih menika bangunan ingkang ageng
ingkang wujudipun 2 lantai kanthi pola “L” ingkang dipunrancang
dening J.F Klinkhamer saha Ouendag kanthi gaya Renaissance Revival
(Sudrajat,1991). Miturut Sudrajat pe]ambangunan kantor pusat NIS wonten ing
Semarang nggadhahi tipikal 2 dasawarsa wiwitanipun abad 20 nalika
dipuntepangaken politik etis, nalika sakmenika “… Muncul kebutuhan yang
cukup besar untuk mendirikan bangunan bangunan publik dan perumahan, akibat
perluasan daerah jajahan, desentralisasi administrasi kolonial dan pertumbuhan
usaha swasta”.
![]() |
Gmbar Lawang, Lawang Sewu |
Penduduk Semarang maringi nama Lawang Sewu, kanthi
dasar jimlah lawang ingkang kathah sanget, ingkang minagka upiyanipun para
arsiek kangge bangun gedung kantor modern ingkang jumbuh kaliyan iklim tropis
Semarang. Sedaya bahan bangunan menika dipundathengaken saking Eropa, kajawi
bata, sela saha kajeng jati. Wonten ing wekdal ingkang sesarengan Angkatan Muda
Kereta Api (AMKA) ngupiya badhe nguwaosi sepur. Pertempuran pecah
antawisipun pemudha saha tentara Jepang, kathah pemudha ingkang seda wonten ing
gedung menika, 5 ing antawisipun dipunmakamaken wonten ing halaman lawang sewu
(ananging ing taun 1975 jenazah dipunpindah wonten Taman Makam Pahlawan).
Wonten ing ngajeng Lawang Sewu wonten monumen kangge mengeti ingkang sampun
gugur ing Pertempuran Lima Hari. Saksampunipun Indonesia mardika, Lawang
Sewu dipunginakaken kangge Kantor Perusahaan Kereta Api, saklajengipun militer mengambil
alih gedung menika, ananging sakmenika sampun wangsul malih dados PT
KAI.
GAMBAR PENDUKUNG
![]() |
Gambar Lawang Tumuju wonten R. bawah tanah |
![]() |
Foto Guide Lawang Sewu |
![]() | ||
Lawang Sewu saking sisih |
![]() | ||||||||
Gambang Ruang ingkang tumuju Bawah Tanah |
kula nate mrika mbak, mlebet ruang bawah tanah ugi. syerem
BalasHapuskula malah mboten mlebet mbak, amargi kula ajrih
Hapus