Pepindhan
Abange kaya
godhong katirah
Abang kumpul padha abang kaya
alas kobong
Abote kaya watu
Adheme kaya es
Akehe pepati kaya
babadan pacing
Ali-aline kaya
nggunung sapikul
Aluse kaya bludru
Antenge kaya temanten ditemokake
Antepe kaya wesi
Anyepe kaya debog
Anyes kaya siniram banyu windu
Asine kaya uyah
Ayune kaya Dewi Ratih
Awake lemes kaya
Baladewa ilang gapite
Baguse kaya Bathara Kamajaya tumurun
Bedane kaya bumi karo langit
Bangone kaya awangun gedhang selirang
Bebetane kaya ngadhal melet
Begjane kaya ketiban ndaru
Bodhone kaya kebo
Branyake kaya Raden Sumba
Brengose kaya
ngelar menclok, nguler keket, ngula nglangi
Bungahe kaya ketiban ndaru
Cahyane binger kaya
lintang johar
Cahyane nglentrik kaya rembulan kerainan
Cature kaya dhalang kurang sajen
Cep klekep kaya
orong-orong kepidak
Centhile kaya
cina craki
Cumlorot kaya
ndaru
Dalane kaya bathok mengkure[
Dawane barisan kaya
sela brakithi
Dedege kaya nringin sungsang
Dhuwur kaya othak-othak langit
Dondomane kaya
tulus kajang
Empuke kaya gudir
Enthenge kaya
kapuk
Gagah prakosa kaya
Raden Werkudara
Galake kaya macan manak
Gampange kaya
empol pinecok
Geger pepuyengan kaya
gabah diinteri
Gelunge kaya ngdhal menek, minangkara
Gendewane kaya
awangun kadhal meteng
Gereng-gereng kaya
singa antuk bayangan
Gilap kaya emas
Gurihe kaya
santen
Ijo kumpul padha ijo kaya
bethet ayuta
Irenge kaya silit kwali
Janggute kaya
tawon gumantung
Jogede kaya
merak kesimpir, mucang kanginan
Kagete kaya tinubruk wong lepat
Kaku kaya
kena ngga pikulan
Kekejere kaya manuk branjangan
Kenese kaya
Dewi Srikandhi
Kesite kaya
kadhal
Kepingine kaya nyidham cempaluk
Klular-klulur kaya tuma kathok
Kopat-kapit kaya
buntut ula tapak angine
Kuninge kaya emas sinangling
Kuning kumpul padha kuning kaya
podhang reraton
Lampahe mendhak-mendhak kaya
sato manggih krama
Landhepe kaya
pitung pinyukur
Legine kaya madu
Lakune kaya macan luwe, mucang kanginan
Lakune nusup-nusup kaya
pindha ayam alas
Lembeyane kaya
mblarak sempal, merak kesimpir
Lelewane kaya
milangoni
Lunyune kaya welut
Luruhe kaya pindha Dewi Sembadra
Mantu kaya mbata rubuh
Mendhak-mendhak kaya
sato memeti
Mider-mider kaya
undar
Miling-miling kaya
jangkung
Mlakune kaya ngodhok
Mlakune mundur kaya mungkung gangsir
Nangise kaya
ngorong-ngorong
Nangise ndrenginging kaya rase
Nglentuk kaya rembulan karainan
Ngeler kaya
cacing
Nglemer kaya semut
Nyengite kaya dhemit
Nyenyete kaya kuburan
Nuturi owng pinter kaya prasasat ngajari bebek nglangi
Olehe kabegjan kaya
nemu emas saloka
Omahe kaya
awangun glathik mungup, klabang, nyander
Padha pleng kaya jambe sinigar
Padhange kaya rina
Pait kaya
brotowali
Panase kaya
mecah-mecahake gundhul, sumelet
Parine kaya
nedheng gumadhing
Pintere kaya
bisa njara langiy
Polahe kaya
gabah den interi
Pipane rokok kaya menyu
Plonga-plongo kaya kebo
Putihe kaya
kapuk
Putih memplak kaya kapuk diwusoni
Putih kumpul padha putih kaya
kuntul neba
Rekete kaya sedulur sinari wedi
Rakete memitran kaya
sadulur sinari wedi
Ramene kaya prahara nempuh wukir
Rame swarane kaya
prahara nempuh wukir
Ramene surak kaya
mbata rubuh
Rikate kaya
angin
Rupane kembar kaya jambe sinigar
Rukune kaya
mimi lan mintuna
Ruruhe (wong wadon) kaya Dewi Sembadra
Ruruhe (wong lanang) kaya Raden Janaka
Salake kaya
medhi (masir)
Sambate kaya
nggrantang
Senenge kaya bubuk oleh leng
Sentosa banget kaya
janget kinatelon
Sirahe kaya
nggandhen
Sowane kaya
mendhak-mendhak kaya sata manggih karma
Suguhane kaya banyu mili
Sumbare kaya
bisa mutung wesi gligen, wani ndilat wesi abang
Surake kaya mbata rubuh
Suwek kaya nyangkem kodhok
Swarane kaya gelap ing mangsa kapat
Tandange kaya
bantheng kekaton
Tandange cukat kaya
jangkrik mambu kili
Tandange cukat banget kaya
sikatan nyamber walang
Tandange nggegirisi kaya
banteng kekaton
Tapa kaya nyantuka (Dewi Anjani)
Tapa kaya
ngalong, ngidang
Tekade kaya
geni lan manise, madu lan manise
Tepunge kaya
sedulur
Tepunge kalis kaya banyu karo lenga
Thingak-thinguk kaya
kethel ditulup
Tindake kaya
nusup nganyam alas
Tulisane kaya
mbata sarimbag, awangun ketumbar, ngeri
Utange kaya
nyundhul empyak, turut usuk
Wangsulane kaya saur manuk
0 komentar:
Posting Komentar