Wisata
wonten ing Klenteng Sam Poo Kong
![]() |
Gambar gerbang Klenteng |
Pariwisata inggih menika minangka salah satunggaling
kagiyatan ingkang sampun tamtu dipunremeni saking sedaya tiyang, saking lare
alit ngantos tiyang ingkang sampun diwasa. Wonten ing mriki kula badhe
ngandharaken pengalamanipu kula wonten ing Klentheng Sam Poo Kong ingkang
wonten ing daerah Jl. Simongan Raya 129, Semarang utawi wonten ing sisih barat
daya kitha Semarang. Lokasi Klenteng kasebat minangka lokasi ingkang srategis. Alasan
wisata wonten ing Klentheng Sam Poo Kong inggih menika amargi Klentheng Sam Poo
Kong minangka papan singgah utawi pendaratan
ingkang sepisan saking Laksamana Tiongkok Zheng He / Cheng Ho. Bangunan saking
Klenteng menika minangka bangunan ingkang taksih khas saking warisan kabudayan
China.
Reginipun tiket masuk wonten pelataran Klenteng inggih menika
Rp 3.000. Kangge mlebet wonten ing kompleks bangunan klenteng inggih menika Rp
20.000. Klenteng Sam Poo Kong ugi nawaraken foto kanthi ngagem busana adat
China, saha oleh-oleh pernak-pernik khas China.
![]() |
Gambar patung Laksamana Cheng Ho |
Wonten ing saklebeting Klenteng Sam Poo Kong wonten patung Laksmana
Cheng Ho ingkang inggilipun 10,7 m. Juru ramal ugi wonten ing Klenteng Sam Poo
Kong, caranipun inggih menika kanthi nindhakaken po pwe utawi nglempar
tongkat kajeng ingkang cacahipun 2 ingkang dipuntindhakaken boten namung
setunggal po pwe. Saklajengipun biokong mundhut batangan empring ingkang
wonten angkanipun ing wadahipun kanthi cara dipun kocok-kocok.
Kala rumiyin kula wisata wonten Klenteng Sam Poo Kong, amargi
badhe kesah wonten griyanipun kanca ingkang wonten ing daerah Ngaliyan,
Semarang. Amargi lewat wonten Klenteng Sam Poo Kong, kula saha kanca kula
mutusaken supados mampir wonten Klenteng Sam Poo Kong. Klenteng Sam Poo Kong
ugi papan ingkang sae kangge foto-foto. :)
![]() |
Gambar gerbang Klenteng |
![]() |
Gambar komplek Klenteng |
![]() |
Gambar pelataran Klenteng Sam Poo Kong |
0 komentar:
Posting Komentar