Jumat, 10 Januari 2014

Satleraman Bab Sengkalan



Sengkalan

Tuladha sengkalan:
1. Sirna ilang kertaning bumi          : 1400
2. Sirnaning swara ngrasa tunggal  : 1670
3. Wiku sapta ngesthi ratu               : 1877
4. Putri tata trus manunggil             : 1953
Sengkalan yaiku engetan wektu kang mawa kadadean utawa lelakon wigati, kang lumrahe anggone mengeti cacahing taun ora katulis nganggo angka, ananging nganggo tetembungan utawa gambar.

Mungguh perlune supaya:
a. Olehe gawe pengetan (sengkalan) bisa kalarasake unen-unen karo kadadean utawa lelakon ingkang dipengeti.
b. Gampang anggone ngeling-eling, lan angel laline.

Wujud sengkalan:
1. Sengkalan Lamba, yaiku sengkalan kang cacahing taun kang dipengeti wujude nganggo tetembungan.
2. Sengkalan Memet, yaiku sengkalan kang cacahing taun kang dipengeti wujude nganggo sarana gambar.

Candra sengkala yaiku sengkalan kang pangetunge manut lakuning rembulan (taun Jawa).
Surya sengkala yaiku sengkalan kang pangetunge manut lakuning srengenge (taun Saka lan Masehi). Iki kaceke 78 taun. Taun Saka didadekake taun Masehi kudu ditambah 78 taun. Upamane: taun Saka 1896, taun Masehi 1974.
Kanggo nggoleki cacahing taun kang sinandi ana ing sengkalan, yaiku sarana ditegesi saka mburi mangarep.
Tuladha:
-        Tembung sengkalan “Angesthi rasaning janma”
-        Carane negesi:
1. Angesthi linggane esthi, yaiku gajah, awatak 8 (wolu).
2. Rasaning linggane rasa, awatak 6 (enem).
3. Janma duwe watak 1 (siji).
Saka iku tinemu angka: 8 6 1, dadi angka taun kawaca saka mburi 168. Tembung-tembung kang lumrah dianggo ana ing sengkalan, yaiku tembung-tembung kang diangge duwe watak wilangan, ing antarane tembung ing ngisor iki:
1.Awatak siji : Janma manungsa, perangan manungsa utawa kewan kang cacahe mung siji, barang kang awangun bunder.
2.Awatak loro      : Samubarang barang kang cacahe mesthi loro.
3.Awatak telu       : Geni, lan samu kang mawa geni.
4.Awatak papat   : Banyu, barang-barang kang isi banyu, tembung-tembung kang duwe teges gawe.
5.   Awatak lima     : Buta, panah lan angin.
6.Awatak enem    : Araning rasa, araning sadpada, tembung-tembung kang ateges kayu lan tembung-tembung kang ngemu surasa obah.
7.Awatak pitu      : Pandhita, gunung, nunggang jaran.
8.Awatak wolu     : Gajah, kewan kang rumangkeng.
9.Awatak sanga   : Dewa, lan barang-barang kang dianggep bolong.
10.          Awatak dasa : Samubarang tembung kang  ateges langit utawa dhuwur, lan tembung-tembung kang ngemu surasa ora ana.

Sakliyane tembung-tembung kang diangge duwe watak wilangan sing wis diterangake ana ing dhuwur, ana ancer-ancer surasa wataking tembung kanggo gawe sengkalan.
1. Guru Jarwa lan Guru Dasanama
Tembung-tembung kang adha tegese iku bisa nunggal watak.
Upamane: giri, ancala, ardi ingkang ateges gunung watak pitu.
2. Guru Wanda
Tembung-tembung kang padha wandane bisa nunggal watak.
Upamane: tembung tri watak telu, mula tembung mantri, atri, gotri, santri, patri, bisa watak telu.
3. Guru Kara utawa Guru Kriya
Upamane tembung asta awatak loro, tembung ngasta, nyekel, nggrayang, bisa watak loro. Tembung netra watak loro, mula tembung ndeleng, uninga, mandeng, mlerok, uga bisawatak loro.
4. Guru Sastra utawa Guru Aksara
Tembung giri watak pitu, mula tembung gora, gero, gorawa bisa duwe watak pitu.
5. Guru Warga
Uamane tembung naga watak wolu, mula tembung kang mratelakake jenenge kewan kang sawarga bisa watak wolu. Kayata: taksaka, baya, ula, sawer, cecak, tekek, lsp.
6. Guru Sarana utawa Guru Karana
Tembung kang dadi jalaran sarana utawa pirantikanggo ngrasakake duwe watak padha.
Upamane: rasa awatak ene, mula tembung ilat bisa watak enem jalaran dadi sarana ngrasakake asin, legi, kecut, gurih, anyep, lsp.
7. Guru Darwa utawa Guru Darbe
Upamane tembung geni awatak telu, mula tembung anas lan padhang bisa watak telu. Tembung banyu duwe watak papat, mula tembung sagara, tlaga, sendhang, lan beji bisa watak papat.
8. Alandhesan Kanyatan
Upamane tembung ratukanyatane ratu cacahe mung siji, mula tembung-tembung iku bisa watak siji. Tembung anganten mratelakake cacah loro, yaiku lanang lan wadon, mula tembung panganten bisa watak loro.

0 komentar:

Posting Komentar