Selasa, 17 Desember 2013

Profil Wirausaha


Kuliah sinambi Wirausaha

Gambar Buah ingkang dipunsade
Wirausaha kangge Muhammad Hanif utawi asring dipuntimbali Mas Hanif  minangka salahsatunggaling perkawis ingkang boten ewet dipun tindhakaken. Mas Hanif inggih menika pangusaha mudha ingkang nggadhahi usaha wonten ing bidang buah-buahan. Sanajan Mas Hanif nembe mlebet kuliah wonten ing taun menika, ananging piyambakipun boten nggadhahi perkawis ingkang dados alangan wonten ing bab usaha buahipun. Sedaya menika amargi Mas Hanif sampun gadhah katurunan wirausaha. Wirausaha menika dipungadhahi saking Bapakipun mas Hanif, inggih menika Pak Sumarno. Pak Sumarno sakmenika sampun nglimpahaken usahanipun kangge putra-putranipun supados putranipun saged dados tiyang ingkang tanggel jawab saha saged dados tiyang ingkang saged wirausaha. Amargi wirausaha menika saged dipuntindhakaken minangka pakaryan sampingan.
Gambar Mas Hanif nembe ningali buahipun
Wiwitipun Mas Hanif nindhakaken usahanipun inggih menika wonten ing taun 2012, utawi setunggal taun saksampunipun lulus saking MAN Demak. Usaha buah menika dipunparingi nama KS Fruite, ingkang dipunpendhet saking nama Pak Sumarno inggih menika saking Kang Sumarno Fruite. Papan usaha menika wonten ing KP Rawa Bambu, Medan Satria, Bekasi, utawi wonten ing papan ingkang strategis, ingkang asring dipunliwati kaliyan kendharaan. Wonten ing wiwitipun Mas Hanif nyepeng usahanipun, piyambakipun boten pitados menawi piyambakipun saged nglampahaken usahanipun. Ananging boten wonten malih ingkang nyepeng usaha menika, amargi mas-masipun mas Hanif menika sampun didhawuhi dening Pak Sumarno kangge nglajengaken usaha ingkang wonten papan sanesipun. 
Awit saking menika Mas Hanif nyepeng usaha buah ingkang wonten ing KP Rawa Bambu, Medan Satria, Bekasi. Ananging boten dipunsangka-sangka KS Fruite saksampunipun dipuncepeng kaliyan Mas Hanif langkung majeng. Sedaya menika amargi anggenipun majengaken usahanipun ngembangaken saking sistem utawi cara ingkang sampun dipunterapaken sakderengipun. Saingga mujudaken inovasi-inovasi enggal ingkang saged dadosaken usaha kasebat beda saha menarik. Salah satunggaling cara supados pelanggan tansah tumbas wonten ing KS Fruite inggih menika kanthi maringi bonus kangge pelanggan ingkang sampun asring tumbas.
Mas Hanif sakmenika nembe ngudhi kawruh wonten ing Universitas Gunadarma wonten ing Fakultas IFTI kanthi jurusan Teknologi Informasi. Ananging sanajan Mas Hanif nggadhahi tanggel jawab wonten ing bab ngudhi kawruh saha wonten ing bab usahanipun kekalihipun saged dipunlampahi kanthi lancar. Saged bagi weldalipun kangge ngurus usaha, kuliah saha kagiyatan wonten ing HIMA.

Gambar Pandukung






0 komentar:

Posting Komentar