
Ndherek Nepangaken :)
Nama
kula Diah Fatmala Sari, kanca-kanca nimbali kula kanthi nama Diah. Ananging wonten
ing griya kula dipuntimbali Putit. Sakmenika kula ngudhi kawruh wonten ing
salah satunggaling Universitas ingkang kasuwur wonten ing kitha Ngayogyakarta. Kula
ngudhi kawruh wonten ing Universitas Negeri Yogyakarta mliginipun wonten ing
Fakultas Bahasa dan Seni jurusan Pendidikan Bahasa Daerah. Sakderengipun kula
ngudhi kawruh wonten ing UNY, langkung rumiyin kula ngudhi kawruh wonten ing
SMA N 1 Welahan, Kabupaten Jepara.
Kula
miyos wonten ing Jepara ing dinten radite pahing 17 Juli taun 1993. Kula remen
kaliyan kabudayan Jawi wiwit SMP, wonten ing SMP 2 Welahan menika kula dipuntepangaken
kaliyan tari-tarian Jawi. Ing yuswa kula ingkamg kaping 6 kula mlebet wonten SD
N Kal-Wet 01, ingkang sakdherengipun wonten TK PGRI Kal-Wet rumiyin. Kula minangka
putri ingkang ragil, ingkang boten remen kaliyan kucing. Kula minangka tiyang
ingkang remen foto, mliginipun foto wonten ing papan ingkang dereng nate
dipunpanggihi.
Ingkang
langkung kula tengenaken inggih menika kedah saged sabar, tliti saha dedonga
saha saged empan papan sarta tanggap ing sasmita. Angen-angen kula inggih
menika saged dadosaken tiyang sepuh remen sarta mbombong kaliyan menapa ingkang
sampun kula tindhakaken.
Mekaten
minangka profil kula ingkang saktleraman, menawi badhe langkung tepang kaliyan
kula saged mawi facebook: Diah Fatmala Sari, twitter: @putit_17, utawi mawi e-mail:
roroajengnimasayud@yahoo.com saha putitfatmala@gmail.com.
tingali blog kula nggih mb. woro-worojawauny.blogspot.com
BalasHapusmampir blog saya juga boleh koq mbak
BalasHapushttp://hanifpprince.blogspot.com/
BalasHapus