Senin, 16 Desember 2013

CerKAk



Tresnamu Dudu Aku


Lungguh ing jero bis iki sikilku tak selonjorke, amerga pegel. Karo unjal ambegan landhung.
“Seneng kenalan karo kowe’’. Tanganku dicekel ceg. Dhuh, awakku sakojur langsung adhem panas.
“Aku uga”. Kapan ya aku bisa ketemu maneh karo kowe, takonku ing batin. Wedi nek dikira ngunggah-unggahi.
“Minggu ngarep, aku pengin ketemu kowe maneh bisa?”
“Eh, kowe yakin ora repot?”
“Repot apa?” dheweke ngguyu. Aku isin. Ana sing nyenggol pundhakku bola-bali. Aku noleh.
“Jayabaya, Mas!” Aku ngrogoh sak celanaku banjur ngetokke dhuwit ewonan loro. Sawise kuwi mripatku bali ndeleng maneh kahanan jaba saka walike kaca bis. Kaya biyasane wayah mulih kantor, dalan sore iki kebak kendharaan lan macet.
Dheweke mung gedheg alus karo mbales esemku. Tanganku banjur dicekel, digandheng. Aku manut, aku seneng dheweke ngatonake akrab lan romantis banget. Kala-kala bangkekanku uga dirangkul saka sisih. Aku rada rikuh, nanging bareng weruh esem kuwi maneh atiku banjur krasa adhem lan dakcoba enjoy.
Aku lan dheweke ngentekake wektu sore kuwi kanggo ngesok kangen. Mlaku-mlaku ing jero plaza kanthi ngomong ngalor ngidul rasane nyenengake banget. Nalika dheweke sambat kesel banjur ngajak aku mangan ing food court.
“Kowe seneng maem apa? Milih saksenengmu”. Aku milang-miling weruh stand sing ana. Maneka warna panganan marahi aku rada bingung arep milih apa.
“Aku pesen iki, kowe sisan ya?” dheweke takon. Aku manthuk lan mung bisa ngematake wae nalika dheweke pesen panganan kang etungane ora murah.
Wulan kepengker Universitas ngirim aku minangka wakil peserta seminar sing dianakake ing kampuse. Lagi sapisanan kenal, aku lan dheweke wis kaya kanca raket. Rasane kabeh tinemu cocok. Wusanane aku lan dheweke ketemu maneh.
“Sesuk minggu ketemu maneh yuk?” Pangajake karo ngusap pipiku sing reget kena saos nganggo tisu kanthi kebak sayang. Dheweke uga ora sungkan banjur penak wae ndulang aku ing ngarepe wong akeh.
”okey. Ing kene maneh?”
“ora, ah! Bosen. Pindhah nggon wae ya. Plaza ning kutha iki ora mung kene tho?” Lan aku banjur ora sabar ngenteni minggu ngarep.
“Mandhap pundi, mbak?” Gragapan aku noleh. Ana bapak tuwa lungguh ing sandhingku. Umure daktaksir 70-an.
“Oh, Jayabaya. Pak”.
“Mbake kuliah nggih? Wonten pundi?”
Aku banjur nyebutake kampusku. Bapak kuwi manthuk-manthuk. Aku seneng ana sing ngajak omong-omongan, nanging sakjane aku isih pengin ngalamun maneh.
“Nonton filem yuk!” Ing plaza sing luwih gedhe aku lan dheweke ketemu maneh.
“Ayo!” Tanganku digandheng, lan aku ya manut maneh. Ing jero batin aku sok mikir, mesthine akeh banget wong wadon sing naksir dheweke. Apa bener mung aku sing ana atine?
“Adoh-adoh kowe seminggu pisan dolan ing Surabaya, apa tho sing marahi kowe tresna aku?” Takonanku nalika kuwi, nanging dheweke mung mangsuli kanthi eseme. Lan mbuh kena daya apa saengga aku ora pengin nelesih luwih adoh maneh. Eseme Deni wis gawa atiku lan angen-angenku ngumbara ing alam kang endah. Aku dadi percaya ngono wae marang dheweke.
“Kula nggih gadhah anak wadon seumurane mbak niki. Boten kuliah, taksih pengangguran.
Bapak ing sandhingku ngerti-ngerti ngajak caturan maneh.
“Lho, bapak kok tindhak piyambakan kemawon?” Aku genti takon.
“Bapak niki boten seneng ngrepotake kok, Nak. Wong bapak isih kuwat kok.’’ Bapak tuwa kuwi bisa wae ngaku sehat, pancen swarane isih cukup cetha lan banter, nanging aku weruh ing sak klambine ana obat kanggo lara asma. Tak deleng pawakane kuru cilik, yen mlaku adoh apa ya isih kuwat?”
“Bise kok miring kiwa ya, Nak. O, mbok menawa sing munggah saka sisih kiwa dadi bise suwe-suwe melu miring ngiwa terus”. Aku mesem weruh tangane loro cekelan rapet kursi ngarepe, wedi nek arep tiba. Bapak kuwi kaya-kaya isin dhewe banjur ngguyu.
“Kula niki umure wis 85 tahun nak. Nek maca pancen wis ora awas, nanging nek ngrungokke isih jelas”. Pangiraku bapak biyen mesthi melu perang.
“Ibu taksih sugeng pak?”
“Taksih, Nak. Umure 57. Nanging jahate ora ketulungan. Bapak asring diusir saka omah, gara-gara aku ora nyambut gawe maneh. Ya piye ya Nak, wong aku wis tuwa, ora kaya dheweke sing luwih enom lan isih akeh pepinginane. Awakku yen kanggo nyambut gawe gawe abot ya ora kuwat”.
Aku mung bisa mesem, bapak tuwa kuwi banjur meneng suwe kaya-kaya lagi mikirke nasibe. Aku noleh jendhela maneh.
“AC-ne adhem banget ya”. Dheweke ngusap-usap lengenku sing pancen krasa anyes. Tanganku sing taktekuk ing ngarep dipindhah ing pangkone.
“Kene lho senden ing pundhakku”. Dheweke ngelus-elus rambutku. Aku krasa rikuh lan wedi wani. Nanging aku seneng nalika dheweke ngekep aku saka sisih lan ngesun sirahku.
“Nak!”.
“Eh, inggih pak”. Aku setengah kaget.
“Nyuwun tulung, kacane sampeyan bukak sithik, Bapak ongkep”. Aku nggeser kaca ing sandhingku, angin jaba seger mbrobos mlebu. Angen-angenku bali dina kuwi maneh.
“Septi!” Aku ora noleh. Aku emoh, emoh!
“Septi, mengko dhisik!” Tanganku dicekel saka buri. Takkipatake, aku emoh mandheg. Nanging dheweke nyekel pundhakku lan ngadheg ana ngarepku. “Ana apa?” Aku natap mripate. “Ana apa? Kowe iseh bisa takon ana apa?”
“Aku ora ngerti, maksudmu?”
“Deni!” Aku nyebut jenenge kanthi emosi.
“Kowe salah yen nganggep aku gelem nglakoni kaya ngono. Aku risih marang pikiran kotormu lan uga tumindhakmu, ngerti!” Tangane sing ana pundhakku takkipatake.
“Sik, kosik tha, kowe aja salah pangira. Aku sayang marang kowe, Septi, kowe rak ya sayang marang aku tha, dadi apa salah yen....”
“Ora, Den. Ora! Kuwi dudu rasa sayang. Aku ngerti karepmu. Aja pisan-pisan maneh goleki aku, sesambungan awak dhewe cukup sakmene!” Aku nyurung awake, nyenggol pundhake banter dheweke tak peksa minggir menehi dalan.
Angin banter tumiyub saka ngarep nerjang awakku. Angen-angen endah sing tau ana mabur melu mlakune samirana. Ananging ora ana kang tumetes. Ora ana lara ati, ora ana rasa perih, kejaba rasa syukur amarga aku isih diparingi eling marang Gusti Allah.
Lungguh atap jaba liwat jendela kaca bis sore iki, liwat pas ing ngarep salah sijining plaza gedhe ing Surabaya, bali katon cetha maneh gambaran nalika kadadean sore kuwi. Ing jero gedhung bioskop. Kang kapisanan Deni saya wani. Ora mung tumindhak sing wani, nanging dheweke uga wis wani ngajak aku ngambah dalan kang durung samesthine.
“Njaluk ngapura, Den. Gambaran tresna antarane kowe lan aku pranyata geseh. Bok menawa kanggo kowe aku kelebu sing ketinggalan jaman. Bok menawa pancen tresna kang kanthi ngumbar hawa nepsu saiki wis lumrah ing ngendi-endi. Nanging aku isih duwe harga dhiri, Den. Aku emoh katut dalanmu kang kebak risiko, ala lan kebak dosa. Yen kowe ngira aku wong sing pas kanggo kowe, marga sadurunge aku tansah nuruti kekarepanmu, kowe salah, Den. Aku dudu wong sing kaya kokkarepake kanggo kuwi. Dudu aku!” Aku njerit seru ing batin.
“Mbak, sakniki jam pinten nggih?” Bapak tuwa kuwi nyuburake lamunanku maneh.
“Jam nem kirang sak menit, Pak”.
“Wah suwi temen ya, jam pira iki mengko tekane. Budhale mau luwih cepet, yen ngene iki tambah marahi aku males bali ngomah”.
“Lha, wau saking dalemipun sinten tha, Pak?’ Bapak tuwa iku meneng wae.
“Daleme putranipun nggih?”
“Sanes, Mbak”.
“O, sedherekipun?” takonku maneh.                      
“Boten, boten”. Bapak kuwi gedheg-gedheg.
“Anu, omahe bojoku sing anyar”.
Dhueeeeeeeeeeng!
Aku kaget kaya kasamber bledheg. Apa tha sakjane sing digoleki pak tuwa 85 tahun iki? Aku tambah ora mudheng. Mesthine dudu tresna kaya sing dikarepake Deni tha? Ah, ning sapa sing ngerti?

0 komentar:

Posting Komentar