Ki
Ageng Sela
Dhek
jamane kraton Demak, ing bawah Grobogan ana wong kang jenenge Ki Ageng Sela. Ki
Ageng kuwi wes kawentar sekti banget. Dene pegaweane saben dina nggarap sawahe,
nandur pari, palawija, lan liya-liyane. Kocapa nuju sawijining dina, kaya adat
sabene, Ki Ageng Sela lagi macul ana sawah. Ing wektu iku mendhunge nggameng
lan banjur wiwit grimis riwis-riwis. Ki Ageng terus wae olehe macul. Ora anatara
suwe ing kono ana wong kaki-kaki teka, njur arep nyedhaki nggone Ki Ageng mau. Ning
Ki Ageng wis waspada, ngerti yen kuwi dudu sabaene uwong, basan wus cedhak,
kaki-kaki mau durung nganti bisa apa-apa, weruh-wweruh wis dicekel karo Ki Ageng.
Lha
ngertia cah, bareng wong kaki-kaki mau dicekel, kuwi rak banjur kroncalan,
malik rupane dadi nggegirisi. Rupane kuwi banjur malik dadi ula, ning gedhe tur
untune njrengangah, dawa-dawa nganggo sungut. Wah medeni, lha wong kaki-kaki
kok njur malih rupa dadi kaya ngono. Lha ngertia cah, sejatine sing dicekel Ki
Ageng Sela kuwi bledheg. Sok nyamber uwong, nek kena ya bisa mati. Mulane,
bocah-bocah yen udan aja sok dolanan ana njaba. Mengko nek kamiran kyai
bledheg, pie, wedi ora? Nutugake dongenge mau, sing tak kandhakake wong
kaki-kaki mau, sing nyedhaki Ki Ageng Sela, kuwi mau sejatine Kyai Bledheg sing
memba-memba dadi wong tuwa, karepe ben ora ketara, arep nyamber Ki Ageng Sela.
Ning
sarehning Ki Ageng Sela mau wong sekti, mula malah wis weruh sakdurunge, dadi
bledheg durung bisa apa-apa, malah wis dicekel kuwi mau. Bledheg dicekel kuwi
njur ora duwe daya, wose kalah prebawa karo Ki Ageng Sela. Saiki karepe Ki
Ageng Sela bledheg kuwi arep diaturake menyang ratu Demak, ia Knjeng Sultan
Bintara. Tenan bledheg ditampa dening Kanjeng Sultan, lan didhawuhi ndokok ana
krangkeng wesi, diseleh ana ngalunalun. Wah la kocapa, wong ndelok kuwi rak ora
karuan akehe, ndalidir saka ngendi-endi, saka ndesa-ndesa adoh ya pada teka,
perlu ndelok bledheg kuwi mau. Kanggo pangeling-eling Kanjeng Sultan iya dhawuh
marang abdi juru sungging (tukang gambar), didhawuhi nggambar bledheg kuwi
kanggo rerenggan mesjid Demak. Wah cekake ing ngalun-alun Demak kono banjur
rame dadakan kaya nek inuju ana kramean Grebeg Maulud utawa Grebeg Besar.
Kocaa
ing antarane wong-wong sing padha nonton kono ana siji, wujude wong nini-nini
wis tuwa banget. Kuwi rak ya kepengin arep ndelok. Tekane mrono karo nggawa
bathok isi banyu. Sarehne sing ndeleng kuwi akeh banget, dadi nini-nini mau ya
mesakake, ngesak-esuk pijer kontal, malah diusek uwong pirang-pirang, ora bisa
nyedhak, lan ora bisa weruh, ning kok ya nekad wae, kadereng olehe weruh
bledheg, diesuk wong akeh meksa ora gelem ngalah, pijer bali ndhesel ana
ngarep. Saking tlatene, suwening-suweya bisa klakon tekan ngrep cedhak caket
karo krangkeng, dadi bisa weruh nyata. Ning kocapa jebuleora kepingin bisa
weruh wae. Basan wis cedhak, ora kanyana-nyana, jebulbanu sing ana bathok
banjur disiratake neng kerangkeng.
Gleger
dheeerrrrr, mengkono suwara sing kerungu seru banget. Wong-wong suwara sing
kerungu seru banget. Wong-wong pirang-pirang ora weruh nalare, weruh-weruh
krangkeng wesi banjur mbledhos dadi sawalang-walang. Bledheg sing dikunjara wis
ilang bali menyang asale. Sing ndelok kono pating jlerit bingung bilulungan. Akeh
uga sing ketaton lan kesangsaran. Lha ngertia cah, nini-nini kuwi mau, sejatine
Nyai Bledheg, bojone Kyai Bledheg sing dicekel Ki Ageng Sela. Dadi tekane mrono
mau mula are nulung kyaine supaya bisa luar saka krangkeng. Carane nganggo
disirati banyu, sebab bledheg kuwi urie uga ana banyu, ning ora banyu kali
utawa segara, banyune banyu ngawang-awang, yakuwi sing diarani udan. Hara nek
ketiga kae sarehne ora ana bledheg. Bledheg ngalih nang tanah utawa negara liya
sing ana udan.
Lha
mengkono dongenge Ki Ageng Sela olehe nyekel bledheg. Banjur keriye kahanane
ing Demak mau. Aku mau kandha yen Kanjeng Sultan dhawuh, suaa bledhege wis
ucul, dadi gambare ya durug dadi. Sing wis bisa digambar lagi endhase karo gulu
sethithik. Lha gambar kuwi ya meksa ditempleke ing gebyoke mesjig Demak. Seprene
yen wong kepengin ndeleng ya bisa mbuktekake ana mesjid Demak. Sateruse kepriye
lelakone Kai Bledheg , nalika semana Bledheg kuwi njur kanji, wedi banget karo
Ki Ageng Sela dalah saturun-turune. Mulane serene, yen pinuju mendhung utawa
grimis, banjur ana cleret mak byar, wong-wong banjur padha nyebut, ngucapake
mangkene “I Gandrik, utrane ki Ageng Sela”. Nek wong wis bisa ngucapke mengkono
kuwi, mesthi slamet ora disamber bledheg, jalaran bledhege wedi, wong sing
ngucapake mau diarani anake Ki Ageng Sela.
0 komentar:
Posting Komentar