Selasa, 03 Desember 2013

Artikel



Wayang, warisan budaya ingkang kathah filososfi

Gunungan 
Wayang inggih menika salah satungaling asil kabudayan ingkang minangka salah sarana ingkang dipunginakaken para wali kangge nyebaraken agami Islam ingkang onten ing pesisir Pulo Jawi. Wayang miturut KBBI inggih menika “Boneka tiruan orang yg terbuat dari pahatan kulit atau kayu dsb yang dapat dimanfaatkan untuk memerankan tokoh dalam pertunjukan drama tradisional (bali, jawa, sunda, dsb), biasanya dimainkan oleh seseorang yang disebut dalang”. Miturut Prof. Dr. Soetarno, (STSI) Surakarta, “Wayang merupakan kebudayaan asli dari orang Jawa.” Wayang juga merupakan satu-satunya kebudayaan yang memasyarakat, karena dalam wayang tidak mengenal istilah kultur ataupun kasta”.
Sami kaliyan ingkang dipunandharaken dening Sigmund Frued, “Kebudayaan Indonesia menunjukkan dorongan yang lebih manusiawi. Historis kebudayaan Indonesia menampakkan pola ke arah dorongan spiritual, wayang sebagai salah satu hasil kebudayaan asli Indonesia menunjukkan pola spiritual itu”.”Tembung wayang nggadhahi teges inggih menika bayangan. Ananging menawi dipuntinjau saking filsafat, wayang saged dipuntegesi minangka bayangan utawi cerminan  saking sipat-sipat ingkang wonten ing jiwanipun manungsa, kadosta angkara murka, wicaksana lsp.
Wayang minangka warisan kabudayan ugi kathah nggadhahi makna utawi filosofi-filosofi ingkang ngaurat ing pagesangan sapadintenan. Saking piranti pagelaran wayang dumugi wayangipun piyambak ugi nggadhahi ancas utawi filosofi kengeng menapa wayang menika dipundamel. Makna ingkang kaaurat wonten ing piranti pagelaran wayang ing antawisipun inggih menika:
1.      Dhalang
Dhalang inggih menika tiyang ingkang dados pambiwara cariyos. Dhalang dados jalma manungsa kang hambeg utama, sadrema netepi titahing Gusti. Dhalang minangka manungsa-manungsa ingkang suci ingkang adil negakaken kabecikan wonten ing bumi, ingkang namung nindhakaken lakon ingkang sami kaliyan lakon wonten ing kodrat Hyang Widhi. Dhalang ugi saged dipunwastani minangka sutradara wonten ing pagesangan (Tuhan) ingkang ngatur sipat, gesang, seda, saking paraga. Ananging saking linguistik, tembung dhalang saking tembung basa Arab “Dalla”, tegesipun “nudhuhaken”. Ingkang wigati Dhalang minangka wujud utawi personifikasi Tuhan.
2.      Wayang
Wayang saking pendamelanipun kathah warninipun. Wonten ingkang awujud bagus saha serem sarta lucu. Wayang minangka gambaran fisik manungsa ingkang maneka warni saha nggambaraken sipatipun. Wayang ugi dipunjangkepi kaliyan piranti-piranti, kadosta piranti perang, utawi kewan ingkang minangka pandukung saking lakon saha sipatipun. Makna filosofi wayang inggih menika wayang minangka gambaran saking manungsa-manubgsa ingkang wonten ing donya saha sedaya sipat ingkang maneka warni. Kadosta wayang, manungsa ugi gadhah peran piyambak-piyambak wonten ing donnya.
3.      Kelir
Kelir inggih menika layar utawi tirai ingkang awujud kain pethak ingkang minangka papanipun dhalang mainaken wayang ingkang bayananipun saged dipuntingali wonten ing sisih layar. Makanipun saking kelir inggih menika, kelir minangka alam semesta ingkang rahasia.
4.      Debog
Debog minangka papan kangge nancepaken wayang ingkang dipunjejer wonten ing ngandhap kelir wonten ing iring kiri saha iring kanan. Tegesipun inggih menika minangka pralambang bumi papan manungsa gesang.
5.      Blencong
Blencong inggih mneika lampu ingkang nyinari wonten ing layar. Mapanipun blencong inggih menika wonten ing ngajengipun layar wonten ing nginggilipun dhalang. Blencong ngginakaken lisah krambil, saingga murupipun radi dangu saha geninipun resik sarta ambetipun wangi saha gurih. Blencong minangka wahyuning pagesangan, utawi atma sejati ingkang gesangaken sedaya ingkang gesang. Sinar saking blencong minangka cahya ingkang sejatos, ingkang nyinari sedaya pagelaran wayang kulit, inggih menika sedaya jagad ingkang gumelar.
Blencong ugi minangka wahyu pagesangan ingkang namung  Sang Hyang Murbaning Dumadi (Allah) ingkang nggadhahi. Tugasipun blencong inggih menika nyinari wayang ingkang dipunmainaken dening dhalang ingkang menawi dipuntingali dadosaken wayang katon gesang. Blencong minangka pralambang matahari ingkang nyinari donya.
6.      Pethi  
Pethi inggih menika kothak ingkang dipunginakaken kangge nyimpen wayang ingkang dereng dipunginankaen dhalang utawi wayang ingkang sampun dipunginakaken wayang. Kothak dipunpapanaken wonten ing sampingipun dhalang supados nggampilaken dhalang mundhut wayang-wayang ingkang wonten ing saklebetipun kothak. Maknanipun inggih menika dhalang minagka pralambang Tuhan. Tegesipun dhalang nggadhahi hak kapan pagesangan dipunwiwiti (nalika wayang dipuntancepaken wonten ing debog), kapan pagesangan menika kalampahan (wayang dipunmainaken), kapan ugi pagesangan menika rampung (wayang dipunlebetaken wonten kotak).
Makna sanesipun inggih menika minangka pralambang sangkan paraning dumadi, inggih menika asal saha ancasipun manungsa sakderengipun dipuntitah wonten alam donya saha saksampunipun seda. Wayang ingkang dipunlebetaken wonten ing pethi ugi nggadhahi makna minangka ibarat kuburan kangge tokoh ingkang sampun boten dipunginakaken (seda). Sanajan gesang kanthi menapa kemawon, wonten ing pungkasan samangke dipunkunci wonten ing papan ingkang petheng, sempit saha pengap (kuburan).
7.      Keprak (kepyak)
Kepyak kadamel saking logam dipunsampiraken wonten ing samping pethi. Fungsinipun kangge nuwuhaken swanten ingkang peranipun pralambang kahanan. Miturut Djajadiguna, “keprak dilambangkan sebagai suara yang terdengar”. keprak minangka pralambang suara hati manungsa ingkang nuntun manungsa tumindhak.
8.      Cempala
Cempala inggih menika kajeng ingkang dipunginakaken kangge ngetuk pethiingkang mratandhani sampun kawiwitan pagelaranipun. Tegesipun inggih menika minangka pralambang sedaya prastawa menika nggadhai pratandha utawi isyarat.
Saking lakon wayang ugi wonten makna utawi filosofi ingkang kaurat saking dipundamel wayang kasebat. Wayang menika dipundamel minangka panggambaran saking patrap manungsa ingkang becik utawi awon. Salah satunggaling wayang ingkang sampun boten asing inggih menika tokoh punakawan. Ananging kathah tiyang ingkang kirang mangertosi menawi tokoh punakawan menika kathah filosofinipun kenging menapa dipundamel. Wonten ing nginggil menka badhe dipun andharaken tokoh wayang punakawan ingkang nggadhahi kathah makna, inggih menika:
1.      Ki Lurah Semar utawi Sang Guru Sejati
Semar minagka simbol bapak manungsa Jawi, Ki Lurah Semar minangka toya ingkang tenang. Saking katenangan jiwanipun, nggadhahi kajeniusan, batos ingkang tajam kaya dene ilmu pengetahuan. Ki Lurah Semar dipungambaraken minangka figur ingkang sabar, tulus, pengasih, saha njagi kabecikan sarta ngindhari patrap dur-angkara. Ki Lurah Semar ugi dipunjuluki Badranaya, tegesipun badra inggih menika  rembulan, naya pasuryan, utawi Nayantaka, naya, pasuryan , taka,  pucat. Tegesipun inggih menika simbol menawi Semar nggadhah watak rembulan. Semar nggadhahi pasuryan ingkang pucet, tegesipun Semar boten ngumbar hawa nepsu.
Semar
Semar nggadhahi wujud ingkang bunder, tansah senyum, ananging socanipun sembab. Pasuryan sepuh ananging rikmanipun kuncung kaya dene lare alit. Awujud jaler ananging kagungan payudara kaya dene estri. Semar minagka simbol panggambaran jagad raya, simbol saking bumi, papan gesangipun manungsa saha makhluk sanesipun, minagka simbol bungah susah. Kuncung minangka pralambang menawi manusia kedah ngginakaken akal budi kangge nimbang-nimbang sedaya perkawis, minangka simbol jaler saha estri.
Ananging wayang ingkang dipungubah dening Kanjeng Sunan Kalijaga menika dipungantos kaliyan nama-nama Islami. Semar dipungubah saking lafadz “Simaar”, tegesipun “Paku”. Menika minangka panudhuh menawi tiyang muslim kedah njagi paku. Siap menawi dipuntutuk kangge ngraketaken kajeng saha dipuntutuk nembus wonten ing wingkingipun kajeng. Menika nggambaraken menawi tiyang muslim menika kedah dados mediator (panyambung) saking sedaya golongan tanpa pandang bulu. Ciri ingkang nonjol saking Semar inggih menika kuncung putih ing mustaka minangka simbol saking pikiran, gagasan ingkang jernih.
2.      Nala Gareng


Gareng
Nala Gareng ngadhahi teges menderita. Nala Gareng tegesipun penggalih ingkang prihatos. Tegesipun inggih menika pralambang “laku” prihatos. Ananging Nala Gareng ugi dipuntegesi minangka  nyawijinipun tekad. Saking Serat Wedhatama dipunsebataken gumeleng agolong-gilig. Minangka nyawijinipun tekad ingkang asring nudhuhaken prilaku boten pamrih, ananging namung netepi kodrat Hyang Manon. Nala Gareng dados simbol bungah, susah, nelangsa. Kaya dene wujud fisik saking Nala Gareng ingkang minangka simbol kanthi makna:
·      Soca Juling:
Soca sisih kiri arahipun mangingil saha nyamping. Maknanipun Nala Gareng tansah musataken batiosipun dhumateng Hyang Widhi.
·      Lengen Bengkok utawi cekot/ceko :
Minangka pralambang manungsa boten saged tumindhak menawi boten wonten kodrat saking Hayang Widhi.
·      Samparan Pincang, menawi mlampah kanthi jinjit :
Tegesipun Nala Gareng minangka manungsa ingkang sanget ngatos-atos anggenipun tumindhak utawi menawi mundhut kaputusan.
Fisik saking Nala Gareng ingkang boten sampurna, nudhuhaken manungsa kedah nggadhahi sikap waspada saha ngati-ati, sarta kedah sabar menawi nggadhahi fisik ingkang boten sampurna. Gareng ugi dipunpundhut saking basa Arab “Qairiin”, ingkang tegesipun kanca. Amanatipun saking ciri fisik Gareng nudhuhaken, menawi kita kedah pados kanca ingkang kedah ngati-ati saking tumindhak, was[ada, saha boten remen mundhut hakipun tiyang sanes.
·      Thutuk Gareng :
Thutukipun Gareng awujud aneh saha lucu, pralambang pandai guneman, kadang guneman sasar-susur. Saking kathahipun kekirangan wonten ing dhirinipun kasebat, Nala Gareng asring kahindar saking kacilakan saha marabahaya. 
3.      Petruk Kanthong Bolong
Petruk
Petruk nama sanesipun inggih menika Dawala. Dawa tegesipun panjang, La saking tembung Ala ingkang tegesipun awon. Ananging, minangka pralambang berpikir ingkang panjang saking sedaya perkawis, boten grusa-grusu saha sabar. Saking khazanah Arab, Petruk saking tembung “Fatruk Kullu Man Siwallah”, tegesipun “tinggalkan sedaya makhluk ingkang sanesipun Allah.” Petruk minangka simbol saking karsa, kehendak, saha pepinginan ingkang dipungambaraken saking astanipun ingkang panjang. Prinsip “laku” gesang Ki Lurah Petruk inggih menika kabecikan, jujur saha polos anggenipun nglampahi pagesangan. 


4.      Bagong
Bagong
Saking filosofi Bagong inggih menika bayangan Semar. Bagong dipungambaraken kanthi ciri-ciri fisik ingkang lucu. Badan ingkang bulat, socanipun ingkang lebar, bibir ingkang kandel. Gaya guneman  ingkang ceplas-ceplos. Bagong inggih mneika sosok ingkang lugu saha kirang mangertosi tata krama, ananging tangguh. Saking basa Arab, Bagong saking tembung “Baghaa”, inggih menika “berontak”. Bagong dipunsimbolaken bekerja keras.
Saking 4 simbol punakawan menika minangka (cipta, rasa, karsa saha karya), boten saged dipunpisahaken. Amargi saking 4 simbol menika minangka intsari saking kapribadian jati diri manungsa, inggih mneika berfikir jernih, hati tulus, tekad ingkang nyawii, sahakerja keras. Saingga saged dadosaken manungsa ingkang ideal, miturut makhluk sanesipun, saha wonten ing ngarsanipun Gusti Allah.
Ananging wonten ing jaman sakmenika eksistensi wayang wonten sami kaliyan eksistensi wonten ing jaman ingkang sampun kapungkur. Wondene saking wayang kathah sanget piwulang ingkang saged dipunpundhut. Saking analisis pengamatan, tiyang ingkang remen wayang menika namung tiyang ingkang sampun sepuh, boten wonten para generasi mudha ingkang ngapresiasi pagelaran wayang menika. Sakmenika ugi kathah generasi mudha ingkang boten tepang kaliyan tokoh-tokoh ingkang wonten ing pagelaran wayang. Awit saking menika dipunkajengaken supados tansah nguri-uri kabudayan mliginipun wayang supados boten ical saha boten punah kanthi jaman ingkang sampun wonten ing era globalisasi.

0 komentar:

Posting Komentar