Cara nyegah
Virus nyebar
![]() |
Gambar cara virus nyebar |
Wanci
jawah sampun milai wonten ing sedaya dhaerah ing bumi Nuswantara. Ananging
jawah menika dados salah satunggaling penyakit ingkang asring wonten nalika
wanci jawah menika kawiwitan. Penyakit menika inggih watuk saha pilek.
Nyebaripun virus watuk saha pilek menika boten namung nyerang tiyang ingkang
sampun diwasa kemawon, ananging ugi nyerang lare alit. Sedaya menika sampun
tamtu saged ganggu saking kagiayatan ing sapadintenan, inggih menika kagiayatan
nyambut damel utawi ngudi kawruh.
Virus
menika saged nyebar saking cara-cara ingkang boten dipunsadari. Salah satunggaling
inggih menika saking guneman. Wonten cara supados penderita saged meminimalkan nyebaripun virus dhateng
tiyang sanes. Caranipun inggih menika:
1. Kedah asring anggenipun nyuci astanipun
2. Nyuci astanipun minimal 20 detik (amargi asta
menika sumber saking nyebaripun virus dhateng tiyang sanes)
3. Reresik barang ingkang badhe dipunsambut
kanca kanthi ngginakaken lap ingkang sampun dipunparingi alkohol supados barang
menika steril saking virus.
4. Kedah nutup tutuk saha grahana kaliyan tisu
supados nyebaripun virus dhateng tiyang sanes saged minimal.
5. Kedah saged njagi astanipun supados steril,
sampun asring nyentuh tutuk saha grahana utawi panca indra sanesipunngginakaken
asta menawi boten yakin astanipun steril.
0 komentar:
Posting Komentar