Senin, 02 Desember 2013

Wacana Prosedural



Varises saha Cara nyegahipun

Gambaran samparan varises
Asring sayah wonten ing bagian suku, mliginipun nalika mlampah, jongkok utawi amargi sampun dangu anggenipun jumeneng, menika saged nimbulaken urat-urat alus ingkang boten rata. Wujud urat ingkang boten rata menika dipunsebat varises. Varises minangka pelebaran pembuluh darah vena akibat kaganggu aliran darahipun. Risakipun katup pembuluh darah ingkang fungsinipun nahan warih supados boten balik wonten tungkak ugi saged dadosaken varises. Wondene kahanan menika asringipun wonten ing bagian lipatan paha, saha wonten ing tungkak samparan. Ananging varises ugi saged ugi ngganggu persalinan ingkang normal, saingga saged nuwuhaken ibu bayi seda.
Varises menika gadhah 2 warni, inggih menika varies ringan saha varises parah. Varises ingkang minangka kelainan ingkang wonten ing pambuluh darah vena menika gadhah aktor-faktor ingkang nyebabaken varises saged wonten, ing antawisipun inggih menika:
1.    Faktor keturunan
2.    Jumeneng ingkang dangu
3.    Asring lungguh kanthi posisi sila
4.   Asring ngginakaken Wedges utawi high heels
5.    Berat badan ingkang wonten ing nginggil rata-rata

Wonten faktor penyebab, kedahipun ugi wonten tips utawi cara kangge ngirangi resiko varises wonten ing dhiri kita. Tips menika inggih:
·      Kangge tiyang ingkang sampun gadhah varises ingkang sampun parah, kedah dipunkonsultasiaken kaliyan dokter.
·      Kange tiyang ingkang dereng gadhah varises utawi taksih varises ingkang ringan, saged ngginakaken tips ingkang wonten ing ngandhap menika.
1.    Ngindari utawi ngurangi nginakaken wedges utawi high heels kanthi wekdal ingkang dangu.
2.    Ngeden ugi saged memicu munculipun varises, saingga dipunanjuraken supadaos dhahar kanthi dhaharan ingkang seratipun inggil, kadosta sayur ijem, tuladhanipun brokoli, saha asparagus, sarta buah-buahan supados nalika BAB boten ngeden ingkang kiyat.
3.    Nalika sare posisi samparan kedah langkung nginggil saking jaja. Supados saged gampilaken aliran darah.  
4.   Menawi sampun 30 menit lungguh wonten kursi, samparanipun dipungoyang-goyangaken.
Mugi tips menika saged migunani tumrap kula saha panjenengan sedaya, saha supados kita dipuntebihaken saking varises.

0 komentar:

Posting Komentar