KAJIAN SASTRA SERAT WÉDYA PRASTAWA
ANGGITANING
RADEN JAYASUHARTA
Diah Fatmala Sari
Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri
Yogyakarta
PURWAKA
Pulo
Jawi inggih menika tlatah ingkang masyarakatipun nggadhahi maneka warni
kabudayan. Kabudayan minangka asiling pamikiran nenek moyang ingkang taksih
wonten ngantos ing wekdal samenika. Asiling kabudayan menika antawisipun inggih
menika wonten ing bab kesenian saha
tradisi ingkang boten saged dipuncepeng. Ananging, wonten ugi asiling
kabudayan ingkang wonten wujudipun utawi saged
dipuncepeng ingkang wujudipun naskah saha serat. Naskah minangka seratan
ingkang nggadhahi ancas tartamtu ingkang minangka nggambaraken prastawa ingkang
kadadean wonten ing wanci utawi kaanan tartamtu ugi.
Naskah-naskah kasebut
limrahipun sampun wonten awit zaman nenek moyang, pramila kathah sanget
naskah-naskah saha serat ingkang sampun risak. Risakipun naskah saha serat
menika ing antawisipun seratanipun sampun boten ketingal, utawi bahan naskah
ingkang sampun risak. Awit saking menika dipunkaji
Serat Wédya prastawa kaca 9 (wonten
ing pungkasanipun kaca), 10, 11, 12 (wonten ing purwakaning kaca).
Supados saged mangertosi wosing serat saha saged minangka cara kangge
nglastantunaken serat menika.
Adhedasar kathah serat ingkang sampun risak menika, panaliten serat
dipunwontenaken. Panaliten serat inggih menika minangka salah satungaling cara
supados serat saged lestantun saha saged dipunmangertosi wosing serat menika. Anggenipun
ngaji serat menika ngginakaken ilmu filologi. Filologi adalah suatu pengetahuan tentang sastra-sastra dalam arti yang
luas yang mencakup bidang kebahasaan, kesastraan, dan kebudayaan
(Baroroh-Baried, 1985: 1). Saged dipunwastani bilih filologi menika sarana
kangge ngandharaken naskah saha serat kina.
Saking
analisis menika dipunkajengaken supados wosing Serat Wédya prastawa menika saged dipunmangertosi saha dipunpahami
tiyang sanes. Salajengipun inggih menika supados Serat Wédyaprastawa menika saged dipundadosaken tuladha
kangge pegesangan ing sakpadintenan.
METODE
Wonten ing
panaliten menika ngginakaken metode alih tulis saha alih basa. Alih tulis kasebat
inggih menika alih tulis transkripsi diplomatik saha transliterasi diplomatik.
Alih basanipun inggih menika translasi utawi terjemahan.
1. Transkripsi diplomatik
Miturut
Baroroh-Baried (1985: 65), Transkripsi
adalah salinan atau turunan tanpa mengganti macam tulisan (hurufnya tetap sama.
Transkripsi adalah gubahan teks dari satu ejaan ke ejaan lain (Djamaris, 1977:
29; 2002: 19). Dados, ingkang dipunwastani transkripsi diplomatik inggih
menika nyerat malih huruf ingkang wonten ing naskah utawi teks utawi serat,
kanthi panyeratan ingkang sami kaliyan teks aslinipun tanpa wonten ewah-ewahan.
2. Trasliterasi diplomatik
Transliterasi
berarti penggantian tulisan, aksara demi aksara dari abjad yang satu ke abjad
yang lain (Baroroh-Baried, 1985: 65; Lubis, 1996: 73). Dados, ingkang
dipunwastani transliterasi diplomatik inggih menika proses nggantos seratan teks mawi
huruf ingkang beda ingkang dipunkajengaken boten ngewahi saking teks aslinipun.
ASIL Saha PIREMBAGAN
Miturut adhedhasar ancasing
panaliten, asiling saha pirembaganipun ngandharaken bab transkripsi,
transliterasi, saha translasi saking Serat Wédya prastawa.
1. Deskripsi Serat
Deskripsi
serat inggih menika andharan ingkang rinci ngengingi kawontenaning naskah
ingkang dipunteliti. Deskripsi serat ugi minangka salah satunggaling proses ingkang dipuntindakaken dening
filolog saderengipun ngaji serat. Deskripsi naskah dipundamel kanthi ancas
kangge mangertosi identitas saha
kaananipun Serat Wédya
prastawa inggih menika:
No.
|
Identifikasi
|
Keterangan
|
|||||
1.
|
Nama Pemilik Terdahulu
|
Jaya Suharta
|
|||||
2.
|
Tempat penyimpanan
|
Perpustakaan Museum Dewantara Kirti Griya
|
|||||
3.
|
Nomor Kodeks
|
Bb. 1.134
|
|||||
4.
|
Judul :
a. terdapat
di mana saja, halaman berapa?
b. berdasarkan
keterangan dalam teks atau katalog?
c. keterangan
judul ditulis oleh tangan pertama, kedua, atau ketiga (indikator. ?
|
a. sampul
depan, dalam (halaman judul/halaman sebelum teks. halaman 1 dan 2.
b. berdasarkan
keterangan dalam teks
c. tangan
kedua
|
|||||
5.
|
Manggala/pengantar uraian pada bagian awal di
|
|
|||||
|
luar isi teks :
a.
waktu mulai penulisan
b.
nama diri penulis
c.
alasan penulisan
d.
tujuan penulisan
e.
harapan penulis
f.
pujian kepada dewa pelindung
g.
pujian kepada
penguasa
h.
pujian kepada nabi-nabi
i.
tempat penyimpanan
|
-
-
-
-
-
-
-
-
Dusun Karanganyar, Lemah abang,
Indramayu, Jawa Barat.
|
|||||
6.
|
Kolofon/penutup
a. uraian
pada bagian akhir di luar isi
b. waktu
penyelesaian penulisan
c. tempat
penulisan
d. nama diri
penulis
e. alasan
penulisan
f.
tujuan penulisan
g. harapan
penulis
|
-
-
-
-
-
-
-
|
|||||
7.
|
Keadaan naskah
|
Terdapat lubang pada setiap lembar naskah, semakin menuju akhir semakin
banyak terdapat lubang-lubang.
|
|||||
8.
|
Jenis bahan naskah
|
Kertas dengan warna kertas menjadi sedikit menguning.
|
|||||
9.
|
Jumlah baris setiap halaman
|
Terdiri dari kurang
lebih 18 dan 19 baris pada setiap halaman + judul
|
|||||
10.
|
Tebal naskah
|
0,7 cm (18 halaman, 21 baris per halaman).
|
|||||
11.
|
Ukuran naskah umum (pxl)
|
21cm x 14,5 cm
|
|||||
12.
|
Ukuran naskah khusus (yang diteliti.
|
-
|
|||||
13.
|
Ukuran margin naskah
khusus (yang diteliti)
a.
top
b.
bottom
c.
right
d.
left
|
ukuran pada ukuran
pada
hlm. Ganjil hlm. Genap
a.
1,5 cm a. 2,7 cm
b.
2,5 cm b. 2,5 cm
c.
2,4 cm c. 1,3 cm
d.
1,7 cm d. 2,4 cm
|
|||||
14.
|
Isi naskah (satu atau kumpulan beberapa naskah)
|
1 naskah
|
|||||
15.
|
Jenis naskah (piwulang, dan lain-lain.
|
Piwulang
|
|||||
16.
|
Bentuk teks (prosa, puisi.
|
Tembang
|
|||||
17.
|
Sampul naskah (warna, bentuk, keadaan, bahan, hiasan)
|
Berwarna merah bata, berbentuk persegi panjang, keadaan naskah sudah
berlubang dan ada bagian yang sobek, serta terbuat dari kertas.
|
|||||
18.
|
Jenis huruf naskah
|
Aksara Jawa Cetak
|
|||||
19.
|
Penomoran halaman (di mana, warna apa, dengan
jenis angka apa?)
|
Penomoran di bagian atas tengah dan berwarna hitam serta menggunakan
angka
berjenis angka jawa
|
|||||
20.
|
Ukuran huruf (besar, kecil, sedang. (p x l x t)
|
Ukuran hurufnya kira-kira sedang Sekitar 6 x 2 mm (rata-rata II).
|
|||||
21.
|
Sikap huruf (tegak, miring, ke kanan, ke kiri?)
|
Tegak
|
|||||
22.
|
Goresan huruf (tebal, tipis
dan lain-lain)
|
Tebal dan sedang
|
|||||
23.
|
Warna tinta (apa saja, jika ada warna lain digunakan untuk apa?)
|
Warna hitam semua. Tidak terdapat warna yang lain
|
|||||
24.
|
Bahasa teks (Jawa Baru, Kawi, Jawa Kuna)
|
Bahasa Jawi
|
|||||
25.
|
Pembagian halaman naskah secara keseluruhan (termasuk bagian-bagian yang
tidak ditulisi atau kosong). Jika lebih dari satu naskah sebutkan judul dan
halamannya
|
-
|
|||||
26.
|
Letak naskah yang diteliti (hal a, baris b s.d. c baris d)
|
Halaman 9, 10, 11, 12
|
|||||
27.
|
Jumlah halaman naskah yang diteliti
|
Jumlah halaman yang diteliti adalah 4 halaman halaman 9 (akhir halaman.,
10, 11, 12 (awal halaman)
|
|||||
28.
|
Bentuk huruf (ngetumbar, mucuk eri, mbata sarimbag,
kombinasi)
|
Bentuk huruf ngetumbar
|
|||||
29.
|
Tanda air/Watermark (jika ada gambar dan deskripsikan)
|
-
|
|||||
30.
|
Cap kertas
|
Bentuk bulat
|
|||||
31.
|
Wedana Renggan (hiasan
gambar) / Iluminasi: deskripsikan, warna, goresan tinta, dan lain-lain)
|
-
|
|||||
32.
|
Gambar-gambar (ilustrasi).
|
-
|
|||||
33.
|
Jumlah pupuh (naskah yang diteliti)
|
20
|
|||||
34.
|
Nama pupuh
|
-
|
|||||
35.
|
Jumlah bait
|
-
|
|||||
36.
|
Catatan oleh tangan yang lain (di dalam teks, hal berapa, bagaimana,
tentang apa)
|
-
|
|||||
37.
|
Catatan di luar teks (deskripsikan)
|
-
|
|||||
38.
|
Catatan di tempat lain
|
-
|
|||||
39.
|
Bentuk aksara Jawa (Dentawyanjana)
|
ha : a
na : n
ca : c
ra : r
ka: k
|
da : f
ta : t
sa : s
wa : w
la : l
|
pa : p
dha : d
ja : j
ya : y
nya : v
|
ma : m
ga : g'
ba : b
tha : q
nga : z
|
||
40.
|
Pasangan aksara Jawa (Dentawyanjana)
|
ha : ...H
na : ... N
ca : ... C
ra : ... R
ka : ... K
|
da : ... F
ta : ... T
sa : ...S
wa : ... W
la : ... L
|
pa : ...P
dha : ... D
ja : ... J
ya : ... Y
nya : ... V
|
ma : ... M
ga : ... G
ba : ... B
tha : ... Q
nga : .. Z
|
||
41.
|
Bentuk aksara murda
|
na : !
ka : @
ta :
#
sa :
|
pa : %
ga : &
ba : *
|
||||
42.
|
Bentuk aksara swara
|
a : A
i : I
u : U
|
e : E
o : O
|
||||
43.
|
Bentuk sandhangan swara
|
Wulu
: ....i....
Pepet : ....e....
Suku
: ....u .....
|
|||||
|
|
Taling : [....
Taling tarung : [ ....o
|
|||||
44.
|
Bentuk sandhangan panyigeg wanda
|
Wignyan : ....h
Layar : ..... /
Cecak
: ..... =
|
|||||
45.
|
Bentuk sandhangan wyanjana
|
Cakra
: ...... ]
Keret
: ....... }
Pengkal
: ..... -
|
|||||
46.
|
Bentuk pajingan
|
wa : .....
W
la : ......
L
|
|||||
47.
|
Bentuk angka Jawa
|
Bulat, panjang, dan ditulis tegak
|
1: 1
2: 2
3: 3
4: 4
5: 5
|
6: 6
7: 7
8: 8
9: 9
10: 10
|
|||
48.
|
Bentuk pangkon
|
Pangkon: ........ \
|
|||||
49.
|
Tanda pada awal pupuh (gambar)
|
¥ ¡ ¥
|
|||||
50.
|
Tanda pada awal pada (bait)
|
¥
|
|||||
51.
|
Bentuk tanda pada awal gatra
|
¥
|
|||||
52.
|
Bentuk tanda pada akhir pupuh
|
¥ £ ¥
|
|||||
53.
|
Bentuk tanda pada awal alinea: adeg-adeg
|
?
|
|||||
54.
|
Pada lingsa
|
,
|
|||||
55.
|
Pada lungsi
|
.
|
|||||
56.
|
Pada pangkat
|
;
|
|||||
2. Transliterasi
Transliterasi inggih menika alih tulis
serataning teks mawi aksara ingkang
boten sami kalihan aksaraning teks
(Hesti Mulyani: 2012:9). Wonten ing panaliten menika ngginakaken metode
transliterasi diplomatik. Transliterasi diplomatik inggih menika alih tulis
seratan teks ingkang sami kaliyan teks aslinipun ingkang ngginakaken
aksara ingkang beda.
[ wontên arsi kang kulå
rêmêni / miyat sêkar, miyat sêkar abyor
/ ting parêlok mawarnå warniné / kang sinobèng brêmara kuliling / brêngêngêŋ nêsêpi / sari puspitå rum //
[ kasilir riŋ samirånå midid /
angosikkên batos / mriŋ wardåyå dadyå lalangênné / pan sinambi amirêŋkên paksi /
ngocèḥ patiŋ cruwit / wèḥ sênêŋngiŋ kalbu //
[ kumriwik ing
ranu tlaga wêniŋ / mili amêngisor / gya
tumêmpuḥ sèlå gêng iŋ lèpèn / pan
sumilaḥ apilaḥ kang wariḥ / yêkti anglamlami / kèksi sakiŋ luhur //
[ wanci énjéŋ
myat sêtrén / myaŋ sabin / bêntérré tumrontoŋ / kathaḥ paksi nêba ing pasêtrén /
tiŋ parêlok lir puspitå kèksi / wèh sêŋsêm pangéksi / lalaŋnguning gunuŋ //
[ ya meŋkono ananipun / lelangên rêsmi ning
ngardi / séjé kalawan iŋ pråjå /
kasênêŋngan amenuḥhi / warnåwarnå pélakpélak / bogå busana mêpêki //
[ dyan susénå matur nuwun / mugya ntuk
barkaḥ saŋ rêsi / supangat ira saŋ dwijå / sagêd daulun / nglampaḥhi / ardaning håwå / godhå rêncana sumiŋkir //
[ sang dwijå ngandikå
arum / èḥ jaŋgan manguyu cantrik / rèḥ wus dangu gon sun lêŋgaḥ / néŋ saŋ garplaŋ
gatan iki / sakancanirå sadåyå / puspå dhångasowå sami //
[ déné dyan suséna iku /
atêrnå mriŋ wismå wiŋkiŋ / dimén lêrem sawatårå / samånå wus wayaḥ liŋsir / méḥ
surup hyaŋ bakaskårå / sigrå jeŋkar saŋ mahardi //
[ sadåyå wus bibar
sampun / saŋ bagawan gya umanjiŋ / iŋ wis mapaŋgiḥ kalawan / nyi mêntrik iŋkaŋ
tinudiŋ / kinéd mranténi dhaharran / tur sandikå pårå éstri //
[ gitå gyå nyukupkên
sampun / sêsaji pêpak miranti / labêti rèŋ kasutapan / kathaḥ kaŋ misuŋsuŋ sami
/ mawarnå ulam dhaharran / lumintu katur sang rêsi //
[ botên wontên
pêdhotipun / sêkul tumpêŋ bêras abrit / lawuḥhan gudhaŋ kuluban/ lalabané kårå
putiḥ / wus sampat paŋngrutinira / satåtå sarwå miranti //
[ iŋ sawusé wanci surup
/ saŋ pandhita gyå nimbali / siswå cantrik / myaŋ jêjaŋgan / pårå manguyu sakalir
/ iŋ sawusiŋ ngaso samyå / iŋ ngajak sareŋ abukti //
[ siswå dyansusénå
sampun / dhérék bujånå saŋ rêsi / laŋkuŋ sukå niŋ wardåyå / déné écå dénnyå
bukti / saŋ tåpå sangêt karênan / awit sami sêtyéŋ ngati //
[ saŋ pandhitå
ngandhikå rum / laḥ cantrik jêjaŋgan sami / pra manguyu sira pådhå / susuci yå lanak mami / lirré suci iku åjå /
kaworran håwå ning ngati //
[ déné patrapé takulup /
angênêŋ ngênaka riyin / kaŋ paŋngråså dén araḥha / diméné wêning sathithik /
iku suk citeyes sirå / mulanè kabéḥ pracantrik //
[ jêjaŋgan lawan
manguyu / sadåyå pan iŋsun pardi / angêniŋkên poncådriyå / pit bakal sunto nêkséni
/ gonku marsitå susénå / mêŋko yen wus madyéŋ ratri //
[ kaŋ iŋ ngagnyå matur
nuwun / dakiŋ dhawuḥnyå saŋ rêsi / nulyå sami anånåtå / pamêjaŋngan dén resêki /
myaŋ dinupan sinêbarran / iŋ sêkar kaŋ waŋngi-waŋngi //
[ wussiŋ wanci têŋngaḥ
dalu / aleŋgaḥ saŋ maharêsi / muŋ gwiŋ balé pamarsitan / iŋ ngadhêp manguyu
cantrik / prajêjaŋgan jéjér leŋgaḥ / umarekkå pårå têbiḥ //
[ kaŋ ngadhêp kaparå
ngayun / siswå dyansusénå pêkik / sêmu dêkuŋ atrap silå / antêŋ tan amobaḥ mosik
/ tumiliŋ iŋ karna kanan / wahu tå saŋ maharêsi //
[
èḥ takulup bocaḥ bagus / rungoknå soraḥ ngoŋ dhihin / lamun sirå amaŋngolaḥ /
ngilmu niŋ hyaŋ kaŋ sajati / kaŋ rapêt paŋngregêm irå / åjå dhêmên amahoni //
Etimologi:
myat à
weruh
abyor à katon cemlorot
Bremara à
bramara à
tawon kembang
midid à
sumilir alon lan ajeg
wardaya à
ati
Setren à sawah ing tepining kali
Lalanguning; Lelangen à keindahan
Parnaparna à ing papan-papan
Supangat à pandongane para
nabi, wali; berkah
Janggan à guru
Cantrik à
pangabdi pandita
Manguyu à pertapan
sang
mahardi à ingkang kuwasa
Kinen à kinon à dikon
Mranteni à nyepaki
Gita à kalawan
rerikatan
Miranti à pepak uba rampene
Misungsung à
menehake
3.
Transkripsi
Transkripsi ingkang dipunginakaken ingih
menika transkripsi diplomatik. Transkripsi inggih menika alih tulis serataning teks mawi aksara ingkang sami kalihan
aksaraning teks (Hesti Mulyani: 2012:9). Transkripsi diplomatik inggih menika
alih tulis serataning teks mawi
aksara ingkang sami ingkang boten wonten ewah-ewahan saking teks aslinipun.
·
Transkripsi terlampir
4.
Parafrase
Parafrase
inggih menika ngewahi dhapukan sekar dados dhapukan gancaran (Hesti Mulyani:
2012:11). Parafrase dipunserat supados nggampilaken anggenipun mangertosi
wosing sekar.
41.
Resi ingkang dipunremeni ingkang
mangertos sekar ingkang cemlorot, ingkang mangertosi sekar ingkang warni-warni
ingkang dipunisep dening tawon.
42.
Suwanten ingkang dipunasilaken dening
manuk saha angin ingkang sumilir dadosaken penggalih tentrem.
43.
Kabecikan utawi kaalanan menika
dipunpilah kaya dene banyu ingkang mili badhe mili wonten selo ageng menapa
lepen.
44.
Ing wanci enjing nalika srengenge wonten
ing pangarsa kathah manuk ingkang mabur wonten sabin, saha sekar ingkang endah
ingkang wonten ing redi.
45.
Kaindahan ingkang wonten ing redi tamtu
boten sami kaliyan ing kerajaan. Wonten ing kerajaan namung nengenaken macak
saha dhedhaharan kemawon.
46.
Matur uwun menawi menika langkung sae,
mugi pikantuk berkah saking Resi. Berkah saking Resi menika saged meper hawa
nepsu.
47.
Guru ngandhika, “ pertapa, pandita,
ngasowa kabeh ”.
48.
Sang Mahardi dipunparintah dening sang
guru supados ngeteraken wonten ing griya wingking supados saged ngaso, amargi
wanci sampun nudhuhaken sonten.
49.
Pendeta sampun rawuh, dipunparintah nyi
mentrik saha para estri nyiapaken dhaharan.
50.
Nyi Mentrik nyiapaken dhaharan kanthi
cepet saha jangkep, antawisipun maneka warni ulam ingkang dipunkhususaken
kangge Resi.
51.
Tumpeng abrid, kuluban gudhangan, saha
lalapan ron kelor dipuntata kanthi adhedhasar uborampe ingkang jangkep.
52.
Wonten ing wanci dalu dipunkempalaken
sedaya siswa pangabdi, pandita, saha pertapa supados dhahar sesarengan.
53.
Raos remen ingkang dipunraos siswa boten
namung raos eca saking dhaharanipun, ananging raos remen amargi saged dhahar
kaliyan sang Resi.
54.
Sang Resi ngendhika, “tiyang ingkang
becik menika suci, ananging menawi sampun suci kedah saged meper hawa nepsu ing
sajroning penggalih”.
55.
Para pangabdi, pandita sedaya, menawi
putra solahbawanipun boten trep, kasuwun supados maringi arahan kaya dene toya.
56.
Wiwitipun guru mungsuh kaliyan pertapa
inggih menika amrgi sami-sami ngutamakaken pancaindranipun, kanthi adhedhasar
menika samangke wonten ing lingsiring wengi badhe dipuntingali pagesangan
ingkang sae.
57.
Sang Resi marintah supados papan kangge
pemujaan dipunresiki saha dipunsebaraken sekar-sekar ingkang wangi.
58.
Sasampunipun lingsir wengi Maharesi
sampun rawuh wonten ing griya resi, dipunsusul dening pangabdi pandita saha
guru ingkang lenggahipun boten caket.
59.
Lenggah ingkang sampun dipunatur ingkang
radi miring, ingkang wonten ing sisih kananipun resi inggih menika siswa dyan
susena ingkang bagus, saha ayu.
60.
Sang Resi ngendhka, “eh, putra bagus, mirengke
menapa ingkang kula andharaken, menawi putra paham, ilmu Tuhan ingkang sejatos
inggih sekedik banda saha ngati-ati sampun remen duka.
5.
Terjemahan
Terjemahan inggih menika nggantos basa
naskah ingkang asli kanthi basa ingkang dipunpilah, supados langkung gampang
anggenipun mahami wosing serat utawi naskah. Wonten ing panaliten menika
panaliti ngginakaken terjemahan harfiah. Terjemahan harfiah inggih menika
terjemahan kanthi mangertosi tembung setunggal lan tembung sapitirutipun.
Terjemahan saking Serat Wédya
prastawa inggih menika:
41. Resi
yang disenangi adalah yang mengetahui bunga yang bersinar, yang mengetahui bunga
yang bermacam-macam yang sedang dihisap oleh kumbang.
42. Suara
cicit-cuit dari burung serta angin yang berhembus sepoi-sepoi dapat membuat
hati tenang.
43. Kebaikan
ataupun kejelekan tersebut dipih seperti air yang mengalir, yang akan mengalir
ke batu besar atau ke sungai.
44. Di
pagi hari ketika matahari terbangun dari tidurnya banyak burung yang
berterbangan di sawah, serta bunga yang indah yang ada di gunung.
45. Keindahan
yang ada di gunung tidak sama dengan keindahan yang ada di kerajaan yang lebih
mengutamakan berdandan dan makanannya.
46. Terima
kasih jika itu lebih baik, semoga mendapatkan berkah dari Resi. Berkah dari
Resi tersebut dapat mengendalikan hawa nafsu.
47. Guru
berkata, “pertapa, pandita, beristirahatlah semua”.
48. Sang
Mahardi diperintah oleh sang guru untuk mengantarkan ke rumah belakang supaya
beristirahat, karena waktu sudh menunjukan sore.
49. Pendeta
sudah hadir, diperintahnya Nyi mentrik serta para wanita untuk menyiapkan
makanan.
50. Nyi mentrik menyiapkan makanan dengan cepat
dan lengkap, diantaranya berbagai macam lauk-pauk yang disiapkan untuk Resi.
51. Tumpeng
beras merah, kuluban gudhangan, serta
lalapan daun kelor di tata berdasarkan kelengkapan uborampe.
52. Pada
malam hari dikumpulkan semua pangabdi, pandita, serta pertapa supaya makan
bersama.
53. Rasa
senang yang dirasakan siswa tidak hanya rasa enak dari makanan, tetapi rasa
senang karena dapat makan bersama Resi.
54. Sang
Resi berkata, “orang yang baik adalah suci, tetapi jika sudah suci harus dapat
mengendalikan hawa nafsu yang ada di dalam hati.
55. Para
pangabdi, pandita semua, jika tingkah laku putra tidak sesuai, berilah arahan
seperti air yang mengalir.
56. Awal
mula guru bermusuhan dengan pertapa adalah karena sama-sama mengedepankan panca
indranya, dengan alasan tersebutnanti pada tengah malam akan diperlihatkan
kehidupan yang baik.
57. Sang
Resi memerintah supaya tempat untuk pemujaan dibersihkan serta disebar
bunga-bunga yang harum.
58. Setelah
tengah malam Maha Resi sudah datang di rumah para resi, kemudian disusul oleh pangabdi
pandita dan guru yang duduk saling berjauhan.
59. Tempat
duduk yang sudah diatur dengan posisi yang agak miring, dengan di sebelah kanan
Resi adalah siswa dyan susena yang tampan dan cantik.
60. Sang
Resi berkata, “eh, putra bagus, dengarkan apa yang ingin saya katakan, jika
putra faham, ilmu Tuhan yang sejati adalah sedikit harta serta hati-hati dan
jangan suka marah.
Wosing
lan Babaran Sastra saking Serat Wédya
prastawa
1.
Wosing Serat Wédya prastawa wonten ing nginggil inggih menika:
a.
Kaindahan alam menika saged dadosaken
tentreming penggalih amargi menika taksih alami. Beda menawi wonten lingkungan
masyarakat, ingkang langkung nengenaken macak saha dhedhaharan.
b.
Menawi saged meper hawa nepsu ingkang
wonten ing dhiri pribadi samangke pikantuk
berkah sang resi.
c.
Pandhita boten pilih sih dening pertapa saha
guru.
d.
Tiyang ingkang suci menika tiyang
ingkang saged meper hawa nepsu.
e.
Sang rêsi nyuwun tulung dening pertapa
saha guru supados boten mungsuh.
f.
Sang rêsi maringi pitutur dening putra supados
boten nggadhahi sipat duka.
2.
Kandungan Teks dilihat dari babaran
Sastra
Unsur Intrinsik
saking Serat Wédya prastawa:
-
Tema :
Kawruh kangge nggayuh gesang ingkang sejati
-
Judul :
Serat Wédya prastawa
-
Tokoh/penokohan : Sang rêsi/Maharêsi; cantrik; pertapa; nyi mentrik; guru;
siswa; dyan susena; mahardi
-
Sudut pandang : Orang ketiga serba tahu
-
Tempat :
Wonten ing pinggir lepen; wisma wingking;
-
Alur :
Maju
-
Amanat : Manungsa menika kedah gadhah sipat ingkang
luhur, sampun lena dening gumebyaring donnya. Sasanesipun ugi kedah sinau meper
hawa nepsu saha kedah sregep anggenipun ngibadah.
Unsur Ekstrinsik ingkang
wonten ing Serat Wédya
prastawa:
-
Nilai
Moral :
Tiyang gesang menika kedah gadhah sipat
ingkang becik, sampun ngantos kabujuk dening hawa nepsu ingkang ngambra-ambra.
Sanesipun saking serat menika dipunandharaken menawi dados tiyang ingkang
pinter boten kenging umuk sarta gadhah mungsuh.
-
Nilai
Agama :
Minangka tiyang gesang, sampun tamtu
kedah ibadah wonten ing ngarsanipun Gusti ingkang Akarya Jagad. Kedah nyingkiri
sipat-sipat ingkang saged dadosaken kacilakan. Tiyang ingkang saged meper
nepsunipun saged dados tiyang ingkang suci.
-
Nilai
Sosial-budaya :
Tiyang gesang menika limrahipun kedah
ngurmati marang tiyang sanes boten beda-bedaaken status, ugi kedah tanggap ing
sasmita. Patuh kaliyan tiyang ingkang langkung dipunurmati.
-
Ideologi
yang melatar belakangi pengarang :
Wontenipun Serat Wédya prastawa menika
amargi panyerat nggadhahi pangijap supados tiyang gesang menika saged mahami wosing serat menika supados saged dipuntuladhani
kangge pagesangan ing sapadintenan.
DUDUTAN
Serat Wédya prastawa serat ingkang
dipunanggit dening Raden Jayasuharta ing taun 1925. Serat menika ngandharaken
tuladha-tuladha ingkang dipunandharaken dening para pandita lansapiturute
wonten ing jaman kapengker. Serat Wédyaprastawa ugi ngandharaken
babagan kawruh kangge nggayuh gesang ingkang sejati. Saking babaran sastra
saged dipunmangertosi babagan seluk-beluk saking serat kasebut.
1. Pamrayogi
Panaliten menika taksih
gadhah kekirangan anggenipun kaji datanipun
lan sapiturutipun. Saking panaliten menika
dipunkajengaken supados wonten ingkang ngandharaken langkung jangkep saking Serat Wédyaprastawa menika, amargi:
a.
Saking panaliten menika namung bab
sastra kemawon ingkang dipunteliti saingga taksih wonten bab sanesipun ingkang
kedah dipun teliti.
b.
Panaliten ingkang ngaji Serat Wédya prastawa namung ngandharaken
saperanganipun saking Serat Wédya
prastawa, saingga taksih wonten perangan-perangan ingkang dereng dipunandharaken.
c.
Saking panaliten menika dipunkajengaken
saking panaliten menika saged migunani dhateng pamaos.
KAPUSTAKAN
Baroroh-Baried,
Siti, dkk. 1985. Pengantar Teori Filologi.
Jakarta: Pusat Pembinaan dan
Pengembangan Bahasa, Departemen Pendidikan dan Kebudayaan.
________________
. 1994. Pengantar Teori Filologi.
Yogyakarta: Badan Penelitian dan Publikasi Fakultas Seksi Filologi, Fakultas
Sastra, Universitas Gadjah Mada.
Djamaris, Edwar. 2002. Metode Penelitian Filologi. Jakarta: CV
Manasco.
Mulyani, Hesti. 2012. Membaca Manuskrip Jawa. Yogyakarta:
Kanwa Publisher.
0 komentar:
Posting Komentar