Rabu, 25 Desember 2013

Wisata Sejarah




Lawang Sewu

Lawang Sewu ing wanci dalu
Wonten ing jaman Landi, Lawang Sewu dipunginakaken minangka kantor pamarintahan sarta papan resepan toya ingkang wonten ing ruang bawah tanah ingkang nggadhahi ancas supados lawang sewu hawanipun asrep saha boten banjir. Ananging wonten ing jaman penjajahan Jepang ruang bawah tanah menika dipungantos fungsinipun dados penjara bawah tanah, penjara menika awujud penjara ingkang jumeneng saha penjara ingkang jongkok. Penjara bawah menika ugi minangka papan ingkang dipunginakaken kangge menggal tahanan bawah tanah menika.
Ruang Bawah Tanah
Lawang Sewu ingkang minangka papan wisata sejarah ingkang wonten ing Jalan Pemuda Semarang menika bikak saking jam 07.00 ngantos jam 21.00. Regi tiket mlebet wonten ing Lawang Sewu kagolong mirah, regi tiket kangge diwasa namung 10.000, kangge lare alit saha pelajar namung 5.000, menawi badhe ngangge jasa guide kangge mandhu wisata wonten ing saklebetipun lawang sewu namung nambah 30.000. Lawang sewu ingkang namanipun dipunpendhet saking basa Jawi nggadhahi teges kori ingkang jimlahipun 1.000, ananging sejatosipun jimlah kori menika namung 429. Nama lawang sewu menika dipunparingaken minangka jejuluk, amargi bangunan menika nggadhahi kathah sanget lawang utawi kori.
Pelataran Lawang Sewu
Lawang Sewu kaserat wonten ing sejarah lawang sewu minangka kantor sepur ingkang wonten ing Indonesia. Dhasaripun amargi Lawang Sewu dipunbangun minangka  Het Hoofdkantoor Van de Nederlandsch – Indische Spoorweg Maatscappij (NIS). Lawang sewu sakmenika dipunginakaken minangka kantor pusat saking NIS, inggih menika perusahaan sepur swasta ingkang wonten ing jaman pamarintahan Hindia Walandi. Ingkang sepisan dipunbangun inggih menika rel ingkang ngubungaken Semarang kaliyan “Vorstenlanden” (Surakarta saha Ngyogyakarta) kanthi jalur ingkang sepisan jalur Semarang Temanggung 1867.
Administrasi NIS wiwitipun dipuntindhakaken wonten ing Stasiun Semarang NIS. Gesangipun jaringan ingkang pesat ngakibataken kabetahan ruang kangge makarya ingkang langkung kathah, saingga dipunputusaken supados bangun kantor administrasi wonten ing papan ingkang enggal. Papan ingkang kapilih kangge papan administrasi inggih menika lahan ingkang wonten ing pinggir kitha, caket kaliyan griyanipun Residen Hindia Walandi, ing ujung kidul Bodjongweg Semarang. Direksi NOS nyerahaken rencana gedung menika dhumateng  Prof Jacob F Klinkhamer dan saha B.J Ouendag, arsitek saking Amsterdam Walandi. Pambangunan menika dipunwiwiti 27 Februari 1904 dan selesai 1907.
Kaanan margi ugi kedah wonten perbaikan langkung rumiyin kanthi galian 4 meter saha dipungantos kaliyan lapisan vulkanis. Bangunan sepisan ingkang dipundamel inggih menika griya penjagi saha bangunan percetakan, dipunlajengaken kaliyan bangunan utama. Saksampunipun dipunginakaken mapinten-pinten taun, wonten ing taun 1916 – 1918 dipunlaksanaken pambangunan bangunan tambahan . Nalika taun 1873 rel ingkang sepisanan wonten ing Hindia Walandi rampung anggenipun bangun. Rel menika dipunbangun dening Nederlandsch Indische Spoorweg maatschappij (NIS), perusahaan swasta ingkang pikanthuk konsesi saking pamarintah kolonial kangge ngubungaken dhaerahipun petani ingkang subur wonten ing Jawa Tengah kanthi kitha pelabuhan Semarang (Durrant, 1972). Stasiun wonten ing Semarang wonten ing dhaerah Tambaksariingkang caket kaliyan pelabuhan.
Wonten ing paralihan abad ke-20 NIS bangun stasiun-stasiun ingkang enggal kanthi ukuran ingkang langkung ageng. Nalika taun 1914 stasiun Tambaksari dipungantos kaliyan Stasiun Tawang. Sakderengipun wonten ing taun 1908 kantor pusat NIS ingkang enggal rampung anggenipun bangun, bangunan menika wonten ing ujung jalan Bodjong, ing Wilhelmina Plein wonten ing sabrangipun griya saking Gubernur. Kantor pusat NIS ingkang enggal inggih menika bangunan ingkang ageng ingkang  wujudipun 2 lantai kanthi pola “L” ingkang dipunrancang dening J.F Klinkhamer saha Ouendag kanthi gaya Renaissance Revival (Sudrajat,1991). Miturut Sudrajat pe]ambangunan kantor pusat NIS wonten ing Semarang nggadhahi tipikal 2 dasawarsa wiwitanipun abad 20 nalika dipuntepangaken politik etis, nalika sakmenika “… Muncul kebutuhan yang cukup besar untuk mendirikan bangunan bangunan publik dan perumahan, akibat perluasan daerah jajahan, desentralisasi administrasi kolonial dan pertumbuhan usaha swasta”.
Gmbar Lawang, Lawang Sewu
 Penduduk Semarang maringi nama Lawang Sewu, kanthi dasar jimlah lawang ingkang kathah sanget, ingkang minagka upiyanipun para arsiek kangge bangun gedung kantor modern ingkang jumbuh kaliyan iklim tropis Semarang. Sedaya bahan bangunan menika dipundathengaken saking Eropa, kajawi bata, sela saha kajeng jati. Wonten ing wekdal ingkang sesarengan Angkatan Muda Kereta Api (AMKA) ngupiya badhe nguwaosi sepur. Pertempuran pecah antawisipun pemudha saha tentara Jepang, kathah pemudha ingkang seda wonten ing gedung menika, 5 ing antawisipun dipunmakamaken wonten ing halaman lawang sewu (ananging ing taun 1975 jenazah dipunpindah wonten  Taman Makam Pahlawan). Wonten ing ngajeng Lawang Sewu wonten monumen kangge mengeti ingkang sampun gugur ing Pertempuran Lima Hari. Saksampunipun Indonesia mardika, Lawang Sewu dipunginakaken kangge Kantor Perusahaan Kereta Api, saklajengipun militer mengambil alih gedung menika, ananging sakmenika  sampun wangsul malih dados PT KAI.

GAMBAR PENDUKUNG 
Gambar Lawang Tumuju wonten R. bawah tanah
 
Foto Guide Lawang Sewu
Lawang Sewu saking sisih

   
Gambang Ruang ingkang tumuju Bawah Tanah




2 komentar:

  1. kula nate mrika mbak, mlebet ruang bawah tanah ugi. syerem

    BalasHapus
    Balasan
    1. kula malah mboten mlebet mbak, amargi kula ajrih

      Hapus