Candi Gedong Songo
Minangka Wisata Budaya
![]() |
Gambar Candi Gedong Songo |
Salah satunggaling
wisata budaya ingkang taksih dipunremeni dening para wisatawan inggih menika
wisata candi. Candi ingkang taksih wonten saha taksih ngrembaka wonten ing
Semarang inggih menika Candi Gedong Songo. Candi Gedong Sanga inggih menika
Candi Hindu ingkang papanipun gampil menawi saking maneka kitha ingkang wonten
ing sakitaripun. Candi menika wonten ing deretan alteratif Ungaran–Temanggung, menawi dipunmilai saking
kitha Semarang cekap namung wonten sisih kidul ingkang arahipun kitha
Ungaran–Bandungan–Gedong Songo. Perjalanan kasebut saged dipuntempuh kanthi
wekdal antawisipun 1 jam. Ananging menawi saking Yogyakarta saged liwat Kitha Ambarawa
(Tugu Palagan Ambarawa)–Bandungan–Gedong Songo,
kanthi wekdal antawisipun 2 jam.
Ananging
sakmenika namung wonten 5 komplek candi kemawon ingkang taksih wonten. Candi
menika dipundamel simetris wonten ing nginggilipun bukit ingkang nudhahaken perpaduan saking kalih religi . Religi menika
ingih religi lokal ingkang pitados
kaliyan nenek moyang saha saking budaya Hindu ingkang candi minangka papan semayam para Dewa. Candi ingkang dipundamel kuncup sami kaliyan
budaya wonten ing jaman batu inggih menika punden berundak. Prinsipipun inggih
menika langkung wonten puncak, roh nenek moyang langkung caket kaliyan
manungsa. Kalih budaya menika nyatu wonten ing Candi Gedong Songo kanthi
ngandharaken minangka papan persembahan kangge
roh nenek moyang, ingkang minangka papan kangge nindhakaken prosesi wonten ing
komplek candi ingkang wonten ing perbukitan.
Candi Gedong Songo
inggih menika salah satunggaling candi ingkang nggadhahi karakter Aura Alam
Ghaib ingkang kuat saha ingkang mistik. Komplek candi ingkang jumejer wonten
ing ngandhap nginggil ingkang dipunhubungaken kanthi margi setapak semenan. Candi
ingkang wonten ing puncak paling nginggil inggih menika puncak nirwana. Wonten
ugi bukit Kendalisodo saha Gua papanipun Anoman tapa. Komplek Candi Gedong
Songo menika dipunbangun dening putra Sanjaya, Raja Mataram Kino antawisipun
wonten ing 7 M. Ningali saking langgam arsitektur saha pendiri ingkang agaminipun Hindu, candi Gedong Songo sampun tamtu
minangka candi Hindu ingkang dipundamel kanthi ancas sembahyang.
Dewa-dewa
ingkang wonten ing candi menika inggih menika Syiwa, Durga (garwanipun Siwa),
Ghanesa (putranipun Siwa), Agastya (Resi), sarta 2 pengawal dewa Siwa inggih
menika Nandiswara saha Mahakala ingkang tugasipun njagi kori candi saha Lingga
Yoni ingkang minangka cirinipun saking candi Hindu ingkang wonten ing
Nuswantara.
![]() |
Gambar Salah Satunggaling reca |
Candi Gedong Songo ugi gadhah
kaitanipun kaliyan Redi Ungaran, papanipun candi gedong songo jumeneng. Redi
Ungaran inggih menika Redi ingkang dipunginakaken Anoman kangge ngurung
Dasamuka wonten ing perang ageng ngrebutaken Dewi Sinta. Sami kaliyan ingkang
sampun dipunmangertosi cariyos Ramayana ingkang misuwur, Dasamuka nyulik Dewi
Sinta saking Rama ingkang minangka garwanipun Sinta. Kangge ngrebut Sinta, dipunadani
perang agemg anatwisipun Dasamuka kaliyan bala tentara raksesanipun mangsah
Rama ingkang dipunbiyantu dening pasukan wanara ingkang dipunmangarsani dening
Anoman. Wonten ing perang kasebut, Dasamuka ingkang sakti boten saged seda
sanajan dipunrajam saking maneka warni senjata dening Rama.
Mangertosi kadadean ingkang menika,
Anoman ingkang minangka putranipun Dewa saklajengipun ngangkat satunggaling
redi kangge nimbun badanipun Dasamuka. Kadadean menika dadosaken Dasamuka
katimbun redi Ungaran kanthi hidup-hidup.
Dasamuka ingkang katimbun wonten ing dasaring redi Ungaran wonten ing
sapadintenan ngrintih awujud suwanten ingkang asalipun saking sumber air panas ingkang wonten ing mriku. Sumber
air panas ingkang ngandhut welirang menika dados papan siram kangge ngilangaken
mapinten-pinten penyakit kulit.
Papan Candi Gedong Songo ingkang
kasebar wonten ing lereng Redi Ungaran menika nggadhahi pemandanga alam ingkang
endah. Wonten ing sakitar papan menika ugi wonten alas pinus ingkang
katata kanthi rapi sarta mata air ingkang
ngandhut welirang. Pedhut tipis ingkang mudun saking redi ngakibataken boten
saged ningali Candi Gedong Songo kanthi cetho saking papan ingkang tebih. Candi
Gedong Songo ugi nggadhahi kamiripan kaliyan Candi Dieng. Candi
menika mapan wonten ing sakitar 1.200 m ing nginggil permukaan laut saingga suhu udara langkung asrep.
Sakderengipun mlebet wonten Candi Gedong
Songo, langkung rumiyin kedah tumbas tiket rumiyin. Tiket Masuk kangge Diwasa/5
thn manginggil inggih menika Rp 7.000/tiyang
saha Rp 25.000/tiyang kangge Wisatawan Asing, menawi regi Jasa Naik Kuda Candi Gedong Songo inggih
menika:
·
Wisata Desa Rp 25.000 (Wisman Rp 35.000)
·
Air Panas Rp 40.000 (Wisman Rp 60.000)
·
Candi II Rp 30.000 (Wisman Rp 40.000)
·
Paket candi Songo Rp 50.000 (Wisman Rp
70.000)
Kangge tumuju wonten Candi I, kedah
mlampah antawisipun 200 m wonten ing margi setapak ingkang munggah, utawi saged
ugi ngginakaken jasa trasportasi jaran kangge wisata Candi Gedong Songo.
Supados saged dumugi wonten Candi II, kedah langkung kiyat amargi papanipun
antawisipun 500 m saking komplek Candi I. Sakmenika, pangalola Candi Gedong Songo ndamel jalur enggal ingkang misah
antawisipun jalur Hikingers saha
jalur kuda. Jalur Hikingers belok
wonten ing sisih kanan, liwat wonten bukit, saha warung makan. Mapinten-pinten Gazebo dipunsiapaken minangka papan
kangge ngaso dening para wisatawan ingkang sayah. Ananging menawi jalur kuda
wonten ing sisih iring kiri ingkang papanipun radi tebih saking ingkang
mlampah.
![]() |
Gambar Candi Kaping II |
Nalika
wonten ing komplek Candi kaping II, samangke ngraosaken bedanipun kaliyan candi
ingkang kaping I. Papanipun ingkang wonten ing nginggil sae sanget kangge eksplore sejarah saha kangge foto-foto.
Sami kaliyan candi ingkang kaping I, komplek candi kaping II ugi namung wonten
setunggal candi. Mapinten-pinten bekas candi
nggadhahi wujud ingkang risak, amargi kawontenanipun boten katingal malih.
Sasampunipun puas wonten ing candi ingkang kaping II, namung nggadhahi jarak
mapinten-pinten meter wonten nginggil, samangke badhe nemokaken komplek candi
ingkang kaping III.
![]() |
Gambar Candi Kaping III |
Wonten
ing jarak antawisipun Candi Gedong III kaliyan Gedong IV wonten
satunggaling kapunden redi minangka sumber air panas ingkang ngandhut welirang
ingkang langkung kathah. Para wisatawan saged siram saha ngangetaken badan
wonten ing pemandian ingkang dipunbangun caket kapunden kasebat. Ambet welirang
ingkang kiyat saha kepul asepipun
ingkang kandel, nalika sampun caket sumber
air panas kasebat. Komplek candi ingkang kaping III menika cekap jangkep
ingkang jimlahipun 3 candi ingkang sami caket.
Sami kaliyan candi ingkang
wonten ing Dieng, ingkang gadhah kemiripan kaliyan komplek candi Arjuna ingkang
wonten ing Dieng. Mapinten-pinten candi ingkang mangrucut nginggil saha
setunggal candi ingkang awujud kotak wonten ing ngajengipun. Wonten ing komplek
Candi kaping III menika papan saking reca-reca ingkang taksih wonten ing
komplek Candi Gedong Songo. Wonten ngajeng komplek Candi kaping III kasebat ugi
wonten uap panas ingkang aslipun saking sajroning bumi.
![]() |
Gambar Kepunden Toya Anget |
Sasampunipun dumugi wonten
candi kaping III, wisatawan nglajengaken perjalanan malih tumuju wonten ing
komplek candi kaping IV ingkang papanipun langkung tebih saking komplek candi
kaping II saha candi kaping III. Supados saged dumugi wonten candi kaping IV
wisatawan kedah mubengi bukit. Candi kaping V jarakipun ugi tebih saking candi kaping IV. Wonten
ing komplek candi kaping V, mapinten-pinten bangunan candi katingal sampun
risak saingga namung awujud candi alit kemawon.
![]() |
Gambar CAndi Nirwana |
Sasampunipun
mlampah langkung tebih, sampun tamtu kraos luwih saha ngelak wonten ing
padharan. Ananging menika boten dados perkawis ingkang ageng, amrgi wonten ing
sakitaripun Candi Gedong Songo utawi Bandungan kathah kuliner khas Ungaran. Antawisipun inggih menika sate kelinci kanthi
regi ingkang kekancan utawi wedang ronde ingkang anget. Saksanesipun ugi wonten Tahu Serasi khas Ungaran ingkang dipunsajikaken
kaliyan angetipun sari kacang dele ingkang manis. Sampun kesupen tumbas gula
kacang ingkang wonten ing toko-toko caket papan menika. Saged ugi tumbas sayur saha
buah ingkang seger wonten ing peken tradisional Bandungan, lajeng tumbas maneka
warni taneman hias saha sekar-sekar ingkang langka sarta
endah.
kula nggih sampun nate mrika mbak, endah sanget pemandanganipun
BalasHapusenggih, kapan-kapan mrika sesarengan nggih :)
Hapus