Sejarah tembang dolanan Sluku-Sluku Bathok
Tembang
dolanan menika minangka sarana ingkang awujud tembang ingkang dipunginakaken
dening Walisanga kangge nyebaraken agama Islam wonten ing masyarakat pesisir
pantai utara Jawa. Sluku-sluku Bathok dipunkripta dening Walisanga, khususipun sunan Kalijaga
saha Sunan Bonang. Tembang menika dipunkripta ngginakaken basa Arab ingkang
dipunmodifikasi mawi basa Jawa. Sedaya menika nggadhahi ancas supados
gampangake anggenipun nembangaken. Tembang Sluku-sluku
Bathok menika ugi nggadhai wos ingkang awujud pitutur supados
tansah emut dening Allah saha emut seda.
Makna ingkang kaandhut wonten ing tembang Sluku-sluku Bathok
Sami
kaliyan tembang Lir-ilir, tembang Sluku-sluku
Bathok ugi nggadhahi teges ingkang sae. Tembang menika ugi
nggadhahi makna saha filosofi saing tembang ingkang sederhana menika. Tembang
dolanan Sluku-sluku Bathok inggih menika:
Sluku-sluku
bathok,
Bathoke
ela-elo,
Si
Rama menyang Solo,
Oleh-olehe
paying mutho
Mak
jenthit lolo lo bah,
Wong
mati ora obah,
Yen
obah medeni bocah,
Yen urip golekno
dhuwit,
Menawi
makna saking tembang menika inggih punika:
1. Sluku-sluku
bathok
Sluku-sluku bathok kadhapuk saking tembung basa Arab
“usluk fa usluka bathnaka” ingkang nggadhahi teges mlebu-mlebuwa ning batinmu utawi saking
tembung “ghuslu-gushlu
bathnaka” ingkang nggadhahi teges sucikna
atimu.
Tembung menika nggad ahi makna “Suci ing batin langkung rumiyin sakderengipun nyuciaken raga utawi
badan. Amargi langkung gampil reresik wonten badan katimbang batin
utawi jiwa”.
2.
Bathoke ela-elo
Bathoke ela-elo inggih menika bathok saking kelapa ingkang geleng-geleng.
Tembung bathoke ela-elo ugi kadhapuk saking basa
Arab “bathnaka la ilaha illallah”, tegesipun ”Pangraosipun tansah dzikir marang Allah ing wanci bungah
menapa susah, nalika pikantuk nikmat utawi musibah, amargi sedaya prastawa
ingkang dipunlampahi dening manungsa menika nggadhahi hikmah”.
3.
Si Rama menyang Solo
Si Rama menyang Solo kadhapuk saking tembung basa
Arab “Sharimi Yasluka” inggih menika opek saha
pundhut setunggal margi kangge mlebet utawi saking tembung
“siram” ingkang wonten ing basa Indonesia inggih menika mandi,
“menyang” inggih menika tumuju,
“Solo” inggih menika Shalat. Saking
tembung menika Si Rama menyang Solo nggadhahi makna ingkang ngajaraken supados siram, sesucen,
salajengipun nindhakaken shalat. Allah ngripta Jin saha Manusia inggih menika supados nyembah,
hambaaken diri marang Allah. “Menyadari
agengipun anugrah saha jasa ingkang sampun dipunangsal manungsa saha wicaksananipun
Gusti ingkang Murbeng Dumadi menika awit saking sedaya katrepan saking
pakaryanipun. Kesadaran menika saged minangka dorongan
satunggaling hamba kangge ibadah dhumateng Gusti ingkang Akarya Jagad minangka
raos syukur awit saking kanikmatan
ingkang dipunturunaken”.
4. Oleh-olehe
payung mutho
Oleh-olehe payung mutho nggadhahi
teges oleh-oleh payung saking kain warni cemeng utawi payung saking
jaman rumiyin ingkang
dipundamel saking dluwang semen ingkang agengingkang asringipun dipunginakaken
kangge ngiring jenazah. Tembung oleh-olehe
payung mutho tembung ingkang saking basa Arab “Lailaha
Illalah hayyun wal mauta” maknanipun
inggih menika “Dzikir dhateng Allah
mumpung taksih gesang, taubat sakderengipun
dipunsowani maut. Tiyang gesang wonten
ing alam donya menika boten namung buru kadonyan kemawon ananging kedah
nyelarasaken kaliyan urusan-urusan akhirat ugi”.
5. Mak jenthit
lolo lo bah
Mak jenthit lolo lo bah nggadhahi
teges kematian. Mak
jenthit lolo lo bah saking tembung basa
Arab “Mandzalik Muqarabah” inggih menika Nyawanipun manungsa menika namung singkat gampang kapundhut menawi Gusti nyembadani. menawi maknanipun inggih menika
“Kematian menika rawuhipun boten wonten ingkang mangertosi. Boten saged dipunmunduraken utawi dipun majukaken sanajan namung satleraman.
Saingga wonten ing pagesangan, kita kedah siap saha waspada. Sregep anggenipun ngempalaken amal ingkang sae minangka sangunipun samangke nalika sampun seda.
6. Wong
mati ora obah
Wong mati ora obah wonten ing basa Indonesia inggih menika jasad yang sudah meninggal tidak dapat bergerak lagi. Tembung menika kadhapuk saking tembung basa Arab “Hayun wal
mauta Innalillah” tegesipun inggih menika "Gesang saha seda menika kagunganipun Gusti Allah. Maknanipun inggih menika "Gesang saha seda menika kagunganipun Gusti Allah kapan saha wonten pundi kemawon Allah nyuwun nyawa kita, kita boten saged tumindak menepa-menapa".
7. Yen obah
medeni bocah
Yen obah medeni bocah wonten ing basa Indonesia nggadhahi teges jasad orang yang sudah meninggal jika bergerak akan
menakuti anak-anak. tembung menika ugi saking tembung basa Arab “Mahabbatan
mahrajuhu taubah” tegesipun inggih menika katresnan ingkang tumuju tobat. Maknanipun inggih “Nalika kematian dhateng, sedaya sampun terlambat. Kasempatan amal sampun ical. Kathah ingkang nyuwun gesang ananging Allah boten nyembadani. Amargi menawi mayit gesang malih wujudipun serem saha bebayan langkung ageng".
8. Yen
urip golekno dhuwit
Yen
urip golekno dhuwit wonten ing basa Indonesia nggadhahi teges jika masih hidup mencari uang. Tembung Yen urip golekno dhuwit ugi skaing basa Arab “Yasrifu innal
khalaqna insane min dhafiq “ tegesipun wonten basa Indonesia inggih menika sesungguhnya manusia diciptakan dari air yang memancar. Maknanipun inggih menika “Kasempatan ingkang sae kangge ngripta karya inggih menika wonten ing wekdal menika. Nalika taksih gesang ing donya menika, pepingin sugih, biyantu tiyang sanes, bungahaken tiyang sepuh, wonten wanci menika wekdalipun. Nalika artha saha banda taksih saged dipunsumbangaken kangge negakaken agamanipun Gusti Allah. sakderengipun kasempatan menika katutup."
Saking bait pungkasan menika minangka ringkesan saking surah At – Tariq ayat 6–7, Falyandhuri insane mima khuliqa, khuliqa min
maa’in daafiqin (Maka perhatikan manusia dari apa ia diciptakan, ia
diciptakan dari air yang memancar). Saking andharan makna wonten ing inggil menika saged dipunsimpulaken Tembang dolanan Sluku-sluku bathok maringi pitutur budi pekerti.
- Sedaya manungsa wonten ing alam donya menika kedah saged introspeksi diri ngengingi kekirangan ingkang dipungadhahi.
- Sedaya manungsa kedah nindhakaken ibadah kanthi temen saha kedah tansah emut dhateng ngarsanipun Gusti ingkang Akarya Jagat. Nindhakaken menapa ingkang dados jejibahanipun saha ngantonaken menapa ingkang dipunlarang.
- Sedaya ingkang dipuntindhakaken wonten ing donya menika inggih minangka sangu wonten pagesangan ingkang kekal abadi.
- Sedaya manungsa ingkang gesang wonten donya menika wonten ing pungkasanipun seda, saingga boten namung donya mawon ingkang dipunpadosi inggih menika harta (artha).
0 komentar:
Posting Komentar