Nelangsane Nala
Ngerteni raketing sliramu
Ngerteni gunemmu mring puspa ayumu
Apa aku kudu sumringah marang kahananmu ?
Sanajan waspa mili lir udan banyu
Sanajan laku wus rubeda
Ananging katresnan iki ora bisa kasuda
Elinga ing jaman semana
Sliramu tansah agawe bungahing nala
Ing wektu bungah susah sliramu ugi tansah siaga
Nanging saiki sliramu katon rubeda
Ing pungkasanku kapeksa nglilakna sliramu
Mring puspa ayumu
0 komentar:
Posting Komentar