Senin, 21 Oktober 2013

straight news saha news feature

Straight News


Kabumi wonten ing desa Kalipucang Kulon
Sedhekah bumi utawi asring dipunsebat kabumi, wonten ing desa Kalipucang Kulon, Kecamatan Welahan, Kabupaten Jepara (rabu, 25/09/2013) katindakaken ing balai desa menika. Sedhekah bumi minangka salahsatunggaling raos syukur dumateng Gusti ingkang Murbeng dumadi, awit saking rahmatipun saingga warga desa menika pikantuk kanikmatan ingkang boten saged dipunukur. Kabumi menika dipunlaksanaaken wonten ing dinten rabu pahing wulan suro. Sami kaliyan adicara tradisi sanesipun, kabumi ugi nggadhahi acara-acara ingkang badhe dipuntindhakaken. Adicara sedhekah bumi kasebat langkung rumiyin dipunwiwiti kanthi pambuka dening pranata adicara. Saklajengipun acara dipunlajengaken kanthi Atur pambagyaharja saking Bapak Khusnul Yanzid minangka Lurah desa Kalipucang Kulon.

Adicara ingkang saksampunipun inggih menika Adicara slametan utawi wilujengan ingkang dipunpangarsani dening sesepuh desa. Kanthi bibaripun adicara wilujengan, adicara saksampunipun inggih menika wosing adicara inggih menika Manengku Puja Nyekar wonten ing Makam Mbah Buyut Nalawangsa minangka danyang saking desa Kalipucang Kulon menika. Saklajengipun dipunlajengaken adicara Lung tinampen ringgit ingkang minangka simbol pagelaran wayang ringgit badhe kawiwitan. Adicara ingkang pungkasan inggih menika adicara panutup, ingkang dipuntutup kanthi pagelaran ringgit purwa sadalu natas.



News Feature



Kabumi desa Kalipucang Kulon minangka Asiling Kabudayan
Bangsa Indonesia inggih menika nagari ingkang ngadhahi kathah kabudayan, amargi Indonesia menika kalebet nagari multiculture. Salahsatunggaling tlatah ingkang kathah kabudayan ingkang taksih asri inggih menika Jawa. Wonten ing Jawa kathah sanget asiling kabudayan ingkang taksih ngrembaka wonten ing masyarakat. Asiling kabudayan ing antawisipun inggih menika wonten ing babagan kesenian, religi saha tradisi.  Salahsatunggaling asiling kabudayan ingkang taksih dipunuri-uri inggih menika babagan tradisi, amargi tradisi menika boten saged dipunpisahaken kaliyan pagesangan masyarakat Jawa. Tradisi-tradisi menika minangka kebiasaan ingkang dipuntindakaken awitsaking jaman rumiyin, jaman nalika nenek moyang taksih gesang.
Tradisi ingkang wonten ing tanah Jawi menika kathah sanget wujudipun, amargi saking satunggal dhaerah menika nggadhahi tradisi piyambak-piyambak. Salah satunggaling tradisi ingkang wonten ing kathah papan ing tanah Jawi inggih menika tradisi Sedhekah Bumi. Sedhekah bumi ugi nggadhahi tata rakiting adicara ingkang rubeda saking papan satunggal lan sanesipun. Sedaya menika sami kaliyan desa mawa cara nagara mawa tata. Salahsatunggaling adicara Sedhekah bumi ingkang sampun kalampahan inggih menika sedhekah bumi wonten ing tlatah Jepara, khususipun wonten ing desa Kalipucang Kulon, Kecamatan Welahan.
Sedhekah bumi utawi asring dipunsebat kabumi, wonten ing desa Kalipucang Kulon, Kecamatan Welahan, Kabupaten Jepara katindakaken ing dinten rabu pahing, 26 September 2013 ingkang mapan ing balai desa menika. Sedhekah bumi menika katindhakaken setahun sepisan ing wulan suro saha ing dinten rabu pahing. Rabu pahing dipunpilah kangge lampahipun adicara sedhekah bumi inggih menika amargi dinten menika minangka dinten ingkang dados dintenipun dhanyang saking desa Kalipucang Kulon. Sedhekah bumi piyambak menika nggadahi ancas minangka salahsatunggaling kagiyatan ingkang nggambaraken raos syukur dumateng Gusti ingkang Murbeng dumadi. Awit saking rahmatipun saingga warga desa menika pikantuk kanikmatan ingkang boten saged dipunukur. Adicara Sedhekah bumi menika ugi nggadhahi mapinten-pinten adicara. Adicara sedhekah bumi kasebat langkung rumiyin dipunwiwiti kanthi pambuka dening pranata adicara. Saklajengipun acara dipunlajengaken kanthi Atur pambagyaharja saking Bapak Khusnul Yanzid minangka Lurah desa menika.
Adicara ingkang saksampunipun inggih menika Adicara slametan utawi wilujengan ingkang dipunpangarsani dening sesepuh desa. Kanthi bibaripun adicara wilujengan, adicara saksampunipun inggih wosing adicara kabumi. Adicara kasebut inggih menika Manengku Puja Nyekar wonten ing Makam Mbah Buyut Nalawangsa minangka danyang saking desa Kalipucang Kulon menika. Saklajengipun inggih menika Lung tinampen ringgit purwa ingkang minangka simbol pagelaran wayang ringgit badhe kawiwitan. Adicara ingkang pungkasan inggih menika adicara panutup, ingkang dipuntutup kanthi pagelaran ringgit purwa sadalu natas.
Tradisi-tradisi mekaten menika kedah dipunuri-uri amargi tradisi menika asiling kabudayan saking nenek moyang awit jaman rumiyin. Supados nagari menika nggadhahi kabudayan ingkang maneka warni ingkang boten dipungadhahi dening nagari sanes. Kabudayan ugi minangka cirinipun satunggaling bangsa lan nagari.


0 komentar:

Posting Komentar