Minggu, 27 Oktober 2013

Feature Bali



Kuburan desa adat Trunyan

Desa adat Trunyan inggih menika minangka salahsatunggaling desa ingkang 
Gambar Desa Adat Trunyan
 alit wonten ing ujung Pulo Bali ingkang mapan wonten ing lereng Gunung Batur saha wonten ing sebrang Danau Batur Kecamatan Kintamani, Kabupaten Bangli. Kawontenan penduduk ing daerah Trunyan dipundhasari nalika kawontenan tiyang Jawi ingkang wonten ing Bali antawisipun ing abad kaping 8. Tiyang-tiyang ingkang wonten ing desa Trunyan menika minangka tiyang Bali ingkang leluhuripun miyos asli wonten ing Bali.
Saingga tiyang menika ngraos kadesak awit saking wontenipun tiyang-tiyang Jawi saha  
piyambakipun ngamanaken wonten ing papan ingkang alit saha terpencil ingkang ewet dipuntemukake, inggih menika wonten ing sabrang Danau Batur kasebat. Supados saged dumugi wonten ing desa Trunyan, saderengipun kedah liwat Kintamani, Kintamani inggih menika objek wisata alam ingkang wonten sisih kanan saha kirinipun margi kathah wit-wit jeram.
Objek wisata Kintamani inggih menika wisata ingkang nyuguhaken pemandangan alam,
Gambar Objek Wisata Kintamani
ingkang dhasaripun inggih menika rupa gunung saha danau Batur. Objek wisata kintamani menika sampun radhi kasuwur ananging wisatawan boten kathah ingkang dumugi mrika. Sedaya menika amargi wekdal saking wisatawan ingkang boten dangu, amargi dipunbetahaken 3 dalu kagem nginep wonten ing Bali supados saged ing daerah Kintamani. Ananging menawi namung nginep 2 dalu wekdalipun boten cekap amargi jarak saking kintamani langkung tebih saking pusat kutha. Sanesipun daerah kintamani tebih, solahbawa tiyang-tiyang wonten ing mrika ugi
radi boten ngremenaken saking tiyang  sadeasongan. Menawi boten tumbas langkung sae boten ngenyang utawi  nyepeng sadeanipun. Menapa mawi wujud reca utawi mawi wujud kaos, langkung sae matur sampun tumbas utawi sampun gadhah. Amargi tiyang ingkang sade menika radi  meksa wonten babagan nyade sadeanipun. Daya tarik saking kintamani namung winates saking pemandangan ingkang wonten ing gunung batur ingkang taksih minangka gunung ingkang aktif. Ananging sampun dangu gunung menika boten njebluk, kathah ugi katingal wedhi-wedhi wonten ing sakitar Kintamani kasebut ingkang minangka sisa lahar gunung.
Gambar tumuju dhateng desa adat Trunyan
Supados saged dumugi ing desa Trunyan saking Kintamani kedah ginakake kendaraan ingkang alit ingkang namung saged muat 7-10 tiyang kangge dhateng dermaga. Saking parkiran wonten kintamani tumuju dermaga antawisipun 15 menit. Sasampunipun dumugi dermaga, dipunlajengaken kanthi nyebrang danau ngginakaken perahu.
Kapasitas penumpang ing perahu kasebat ugi namung  10 tiyang kanthi dangunipun
antawis 30-40 menit supados dumugi wonten desa Trunyan utawi langkung trep
dumugi kuburan desa Trunyan. Wonten ugi supados dumugi ing desa Trunyan kasebat ngginakaken margi darat ngantos ing desanipun, ananging menawi dhateng wonten kuburanipun kedah ngginakaken perahu. Wonten setunggal ingkang unik saking desa Trunyan, inggih menika tradisi ingkang dipungadhahi menawi wonten warganipun ingkang seda mayitipun boten dipunkubur sami kaliyan tiyang sanes saha boten dipunbakar sami kaliyan tiyang Bali limrahipun. Wonten ing kuburan kasebat kita saged ningali mayit-mayit

Gambar mayit ingkang dipunparingi aling-aling

ingkang dipunsareaken dipunparingi aling-aling supados mayit menika boten dipunpangan dening kewan-kewan. Ananging saking menika kita taksih saged ningali mayit-mayit kasebat. Unikipun saking kuburan menika kathah mayit ingkang dipunsareaken ing kuburan kasebat boten mambet sanajan kita wonten ing caketipun mayit-mayit menika. Mayit-mayit kasebat namung dipunsareaken saha menawi sampun remuk  tulang-tulang saking mayit kasebat
Gambar tulang ingkang sampun dipungeser
dipungeser saha dipungantos kaliyan mayit ingkang enggal menawi wonten tiyang ingkang seda. Dhasaripun mayit menika boten mambet menika amargi wonten kuburan menika  wonten wit ingkang ageng ingkang sampun sepuh ingkang namung wonten ing desa Trunyan. Miturut kapitadosan tiyang mrika kawontenan wit menika minangka sarana ingkang damel
Gambar wit Tarumenyan
mayit-mayit menika boten mambet. Nama saking wit inggih menika tarumenyan, taru inggih menika wit, menyan inggih menika arum utawi wangi. Nate dipuntemuaken wit ingkang sarupa kaliyan wit ingkang wonten ing Trunyan menika, ananging sampun dipunuji saking Udayana menawi wit menika namung mirip kemawon. Ananging wit kasebat wonten ing sakmenika menawi dipunpetik ronipun boten wonten ambet wanginipun. Miturut cariyos tiyang mrika saha mawi logika ugi, amargi wit ingkang arum menika menawi dipunparingi mayit ingkang busuk ing ngandhapipun, saged dados netral sedaya. Mayit dados boten mambet busuk saha wit dados boten wangi. Mayit ingkang dipunkubur wonten mrika namung mayit-mayit saking tiyang ingkang seda kanthi wajar. Seda kanthi wajar inggih menika tiyang ingkang seda kanthi yuswa ingkang sampun sepuh saha gerah. Ananging menawi taksih enem dereng saged dipunwastani seda wajar amargi yuswanipun taksih langkung enem. Tiyang-tiyang ingkang sedanipun boten wajar menika dipunkubur biasa wonten ing kuburan ingkang wonten ing desanipun. Sahingga ing mrika boten wonten tiyang ingkang dipunkubur amargi salahpati saha ngulahpati. Salahpati inggih menika tiyang-tiyang ingkang seda amargi kacilakan. Menawi ngulahpati inggih menika tiyang-tiyang ingkang seda amargi bunuh diri. Wonten ing kuburan ing Trunyan kathah sanget artha-artha ingkang kacecer ingkang minangka artha
Gambar Piranti ingkang dipunbektaaken kangge mayit
sangu saha piranti ingkang dipunparingaken miturut menapa ingkang dipunremeni utawi pakaryan saking tiyang ingkang seda menika nalika taksih gesang. Sedaya menika minangka pambukti saking raos tresna saking kaluwarga kaliyan tiyang ingkang seda menika.
Cariyos saking cara saha papan kuburan masyarakat Trunyan menika wonten mapinten-pinten versi, salahsatunggaling inggih menika kala rumiyin tiyang-tiyang ingkang kadesak awit saking wontenipun tiyang Jawa wonten ing Bali. Nemukake papan ingkang trep, ananging daerah kasebat nuwuhaken ambu ingkang wangi. Amargi papan menika minangka papan kangge umpetan menawi papan menika wangi, samangke badhe dipunpadosi tiyang. Awit saking menika, wonten ing ngandhapipun wit dipunparingi mayit, sahingga wit ingkang ambetipun wangi, wanginipun ical. Salajengipun mayit ingkang ambet busuk menika saged netral ugi.



(Dening Diah Fatmala Sari, 11205241019, PBD A/2011)


0 komentar:

Posting Komentar