This is default featured slide 1 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.

This is default featured slide 2 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.

This is default featured slide 3 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.

This is default featured slide 4 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.

This is default featured slide 5 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.

Senin, 28 Oktober 2013

Satleraman Lagu dolanan Sluku-sluku Bahok



Sejarah tembang dolanan Sluku-Sluku Bathok

Tembang dolanan menika minangka sarana ingkang awujud tembang ingkang dipunginakaken dening Walisanga kangge nyebaraken agama Islam wonten ing masyarakat pesisir pantai utara Jawa. Sluku-sluku Bathok dipunkripta dening Walisanga, khususipun sunan Kalijaga saha Sunan Bonang. Tembang menika dipunkripta ngginakaken basa Arab ingkang dipunmodifikasi mawi basa Jawa. Sedaya menika nggadhahi ancas supados gampangake anggenipun nembangaken. Tembang Sluku-sluku Bathok menika ugi nggadhai wos ingkang awujud pitutur supados tansah emut dening Allah saha emut seda.

Makna ingkang kaandhut wonten ing tembang Sluku-sluku Bathok

Sami kaliyan tembang Lir-ilir, tembang Sluku-sluku Bathok ugi nggadhahi teges ingkang sae. Tembang menika ugi nggadhahi makna saha filosofi saing tembang ingkang sederhana menika. Tembang dolanan Sluku-sluku Bathok inggih menika:
Sluku-sluku bathok,
Bathoke ela-elo,
Si Rama menyang Solo,
Oleh-olehe paying mutho
Mak jenthit lolo lo bah,
Wong mati ora obah,
Yen obah medeni bocah,
Yen urip golekno dhuwit,
Menawi makna saking tembang menika inggih punika:
1.    Sluku-sluku bathok
Sluku-sluku bathok kadhapuk saking tembung basa Arabusluk fa usluka bathnaka” ingkang nggadhahi teges mlebu-mlebuwa ning batinmu utawi  saking tembungghuslu-gushlu bathnaka” ingkang nggadhahi teges  sucikna atimu. Tembung menika nggad ahi makna Suci ing batin langkung rumiyin sakderengipun nyuciaken raga utawi badan. Amargi langkung gampil reresik wonten badan katimbang batin utawi jiwa”.
2.    Bathoke ela-elo
Bathoke ela-elo inggih menika bathok saking kelapa ingkang  geleng-geleng. Tembung bathoke ela-elo ugi kadhapuk saking basa Arab “bathnaka la ilaha illallah”, tegesipunPangraosipun tansah dzikir marang Allah ing wanci bungah menapa susah, nalika pikantuk nikmat utawi musibah, amargi sedaya prastawa ingkang dipunlampahi dening manungsa menika nggadhahi hikmah”.
3.    Si Rama menyang Solo
Si Rama menyang Solo kadhapuk saking tembung basa Arab “Sharimi Yasluka” inggih menika opek saha pundhut setunggal margi kangge mlebet utawi saking tembung “siram ingkang wonten ing basa Indonesia inggih menika mandi, “menyang” inggih menika tumuju, “Solo” inggih menika Shalat. Saking tembung menika Si Rama menyang Solo nggadhahi makna ingkang ngajaraken supados siram, sesucen, salajengipun nindhakaken shalat. Allah ngripta Jin saha Manusia inggih menika supados nyembah, hambaaken diri marang Allah. Menyadari agengipun anugrah saha jasa ingkang sampun dipunangsal manungsa saha wicaksananipun Gusti ingkang Murbeng Dumadi menika awit saking sedaya katrepan saking pakaryanipun. Kesadaran menika saged minangka dorongan satunggaling hamba kangge ibadah dhumateng Gusti ingkang Akarya Jagad minangka raos syukur  awit saking kanikmatan ingkang dipunturunaken”.
4.    Oleh-olehe payung mutho
Oleh-olehe payung mutho nggadhahi teges oleh-oleh payung saking kain warni cemeng utawi payung saking jaman rumiyin ingkang dipundamel saking dluwang semen ingkang agengingkang asringipun dipunginakaken kangge ngiring jenazah. Tembung oleh-olehe payung mutho tembung ingkang saking basa Arab “Lailaha Illalah hayyun wal mauta” maknanipun inggih menika “Dzikir dhateng Allah mumpung taksih gesang, taubat sakderengipun dipunsowani maut. Tiyang gesang wonten ing alam donya menika boten namung buru kadonyan kemawon ananging kedah nyelarasaken kaliyan urusan-urusan akhirat ugi”.
5.    Mak jenthit lolo lo bah
Mak jenthit lolo lo bah nggadhahi teges kematian. Mak jenthit lolo lo bah saking tembung basa Arab “Mandzalik Muqarabah” inggih menika Nyawanipun manungsa menika namung singkat gampang kapundhut menawi Gusti nyembadani. menawi maknanipun inggih menika Kematian menika rawuhipun boten wonten ingkang mangertosi. Boten saged dipunmunduraken utawi dipun majukaken sanajan namung satleraman. Saingga wonten ing pagesangan, kita kedah siap saha waspada. Sregep anggenipun ngempalaken amal ingkang sae minangka sangunipun samangke nalika sampun seda.
6.    Wong mati ora obah
Wong mati ora obah wonten ing basa Indonesia inggih menika jasad yang sudah meninggal tidak dapat bergerak lagi. Tembung menika kadhapuk saking tembung basa Arab “Hayun wal mauta Innalillah”  tegesipun inggih menika "Gesang saha seda menika kagunganipun Gusti Allah. Maknanipun inggih menika "Gesang saha seda menika kagunganipun Gusti Allah kapan saha wonten pundi kemawon Allah nyuwun nyawa kita, kita boten saged tumindak menepa-menapa".
7.    Yen obah medeni bocah
Yen obah medeni bocah wonten ing basa Indonesia nggadhahi teges jasad orang yang sudah meninggal jika bergerak akan menakuti anak-anak. tembung menika ugi saking tembung basa Arab “Mahabbatan mahrajuhu taubah” tegesipun inggih menika katresnan ingkang tumuju tobat. Maknanipun inggih “Nalika kematian dhateng, sedaya sampun terlambat. Kasempatan amal sampun ical. Kathah ingkang nyuwun gesang ananging Allah boten nyembadani. Amargi menawi mayit gesang malih wujudipun serem saha bebayan langkung ageng".
8.    Yen urip golekno dhuwit
Yen urip golekno dhuwit wonten ing basa Indonesia nggadhahi teges jika masih hidup mencari uang. Tembung Yen urip golekno dhuwit ugi skaing basa Arab “Yasrifu innal khalaqna insane min dhafiq “  tegesipun wonten basa Indonesia inggih menika sesungguhnya manusia diciptakan dari air yang memancar. Maknanipun inggih menika “Kasempatan ingkang sae kangge ngripta karya inggih menika wonten ing wekdal menika. Nalika taksih gesang ing donya menika, pepingin sugih, biyantu tiyang sanes, bungahaken tiyang sepuh, wonten wanci menika wekdalipun. Nalika artha saha banda taksih saged dipunsumbangaken kangge negakaken agamanipun Gusti Allah. sakderengipun kasempatan menika katutup."
Saking bait pungkasan menika minangka ringkesan saking surah At – Tariq ayat 6–7, Falyandhuri insane mima khuliqa, khuliqa min maa’in daafiqin (Maka perhatikan manusia dari apa ia diciptakan, ia diciptakan dari air yang memancar). Saking andharan makna wonten ing inggil menika saged dipunsimpulaken Tembang dolanan Sluku-sluku bathok  maringi pitutur budi pekerti.
  1. Sedaya manungsa wonten ing alam donya menika kedah saged introspeksi diri ngengingi kekirangan ingkang dipungadhahi.
  2. Sedaya manungsa kedah nindhakaken ibadah kanthi temen saha kedah tansah emut dhateng ngarsanipun Gusti ingkang Akarya  Jagat. Nindhakaken menapa ingkang dados jejibahanipun saha ngantonaken menapa ingkang dipunlarang.
  3. Sedaya ingkang dipuntindhakaken wonten ing donya menika inggih minangka sangu wonten pagesangan ingkang kekal abadi.
  4. Sedaya manungsa ingkang gesang wonten donya menika wonten ing pungkasanipun seda, saingga boten namung donya mawon ingkang dipunpadosi inggih menika harta (artha).



Minggu, 27 Oktober 2013

Feature Bali



Kuburan desa adat Trunyan

Desa adat Trunyan inggih menika minangka salahsatunggaling desa ingkang 
Gambar Desa Adat Trunyan
 alit wonten ing ujung Pulo Bali ingkang mapan wonten ing lereng Gunung Batur saha wonten ing sebrang Danau Batur Kecamatan Kintamani, Kabupaten Bangli. Kawontenan penduduk ing daerah Trunyan dipundhasari nalika kawontenan tiyang Jawi ingkang wonten ing Bali antawisipun ing abad kaping 8. Tiyang-tiyang ingkang wonten ing desa Trunyan menika minangka tiyang Bali ingkang leluhuripun miyos asli wonten ing Bali.
Saingga tiyang menika ngraos kadesak awit saking wontenipun tiyang-tiyang Jawi saha  
piyambakipun ngamanaken wonten ing papan ingkang alit saha terpencil ingkang ewet dipuntemukake, inggih menika wonten ing sabrang Danau Batur kasebat. Supados saged dumugi wonten ing desa Trunyan, saderengipun kedah liwat Kintamani, Kintamani inggih menika objek wisata alam ingkang wonten sisih kanan saha kirinipun margi kathah wit-wit jeram.
Objek wisata Kintamani inggih menika wisata ingkang nyuguhaken pemandangan alam,
Gambar Objek Wisata Kintamani
ingkang dhasaripun inggih menika rupa gunung saha danau Batur. Objek wisata kintamani menika sampun radhi kasuwur ananging wisatawan boten kathah ingkang dumugi mrika. Sedaya menika amargi wekdal saking wisatawan ingkang boten dangu, amargi dipunbetahaken 3 dalu kagem nginep wonten ing Bali supados saged ing daerah Kintamani. Ananging menawi namung nginep 2 dalu wekdalipun boten cekap amargi jarak saking kintamani langkung tebih saking pusat kutha. Sanesipun daerah kintamani tebih, solahbawa tiyang-tiyang wonten ing mrika ugi
radi boten ngremenaken saking tiyang  sadeasongan. Menawi boten tumbas langkung sae boten ngenyang utawi  nyepeng sadeanipun. Menapa mawi wujud reca utawi mawi wujud kaos, langkung sae matur sampun tumbas utawi sampun gadhah. Amargi tiyang ingkang sade menika radi  meksa wonten babagan nyade sadeanipun. Daya tarik saking kintamani namung winates saking pemandangan ingkang wonten ing gunung batur ingkang taksih minangka gunung ingkang aktif. Ananging sampun dangu gunung menika boten njebluk, kathah ugi katingal wedhi-wedhi wonten ing sakitar Kintamani kasebut ingkang minangka sisa lahar gunung.
Gambar tumuju dhateng desa adat Trunyan
Supados saged dumugi ing desa Trunyan saking Kintamani kedah ginakake kendaraan ingkang alit ingkang namung saged muat 7-10 tiyang kangge dhateng dermaga. Saking parkiran wonten kintamani tumuju dermaga antawisipun 15 menit. Sasampunipun dumugi dermaga, dipunlajengaken kanthi nyebrang danau ngginakaken perahu.
Kapasitas penumpang ing perahu kasebat ugi namung  10 tiyang kanthi dangunipun
antawis 30-40 menit supados dumugi wonten desa Trunyan utawi langkung trep
dumugi kuburan desa Trunyan. Wonten ugi supados dumugi ing desa Trunyan kasebat ngginakaken margi darat ngantos ing desanipun, ananging menawi dhateng wonten kuburanipun kedah ngginakaken perahu. Wonten setunggal ingkang unik saking desa Trunyan, inggih menika tradisi ingkang dipungadhahi menawi wonten warganipun ingkang seda mayitipun boten dipunkubur sami kaliyan tiyang sanes saha boten dipunbakar sami kaliyan tiyang Bali limrahipun. Wonten ing kuburan kasebat kita saged ningali mayit-mayit

Gambar mayit ingkang dipunparingi aling-aling

ingkang dipunsareaken dipunparingi aling-aling supados mayit menika boten dipunpangan dening kewan-kewan. Ananging saking menika kita taksih saged ningali mayit-mayit kasebat. Unikipun saking kuburan menika kathah mayit ingkang dipunsareaken ing kuburan kasebat boten mambet sanajan kita wonten ing caketipun mayit-mayit menika. Mayit-mayit kasebat namung dipunsareaken saha menawi sampun remuk  tulang-tulang saking mayit kasebat
Gambar tulang ingkang sampun dipungeser
dipungeser saha dipungantos kaliyan mayit ingkang enggal menawi wonten tiyang ingkang seda. Dhasaripun mayit menika boten mambet menika amargi wonten kuburan menika  wonten wit ingkang ageng ingkang sampun sepuh ingkang namung wonten ing desa Trunyan. Miturut kapitadosan tiyang mrika kawontenan wit menika minangka sarana ingkang damel
Gambar wit Tarumenyan
mayit-mayit menika boten mambet. Nama saking wit inggih menika tarumenyan, taru inggih menika wit, menyan inggih menika arum utawi wangi. Nate dipuntemuaken wit ingkang sarupa kaliyan wit ingkang wonten ing Trunyan menika, ananging sampun dipunuji saking Udayana menawi wit menika namung mirip kemawon. Ananging wit kasebat wonten ing sakmenika menawi dipunpetik ronipun boten wonten ambet wanginipun. Miturut cariyos tiyang mrika saha mawi logika ugi, amargi wit ingkang arum menika menawi dipunparingi mayit ingkang busuk ing ngandhapipun, saged dados netral sedaya. Mayit dados boten mambet busuk saha wit dados boten wangi. Mayit ingkang dipunkubur wonten mrika namung mayit-mayit saking tiyang ingkang seda kanthi wajar. Seda kanthi wajar inggih menika tiyang ingkang seda kanthi yuswa ingkang sampun sepuh saha gerah. Ananging menawi taksih enem dereng saged dipunwastani seda wajar amargi yuswanipun taksih langkung enem. Tiyang-tiyang ingkang sedanipun boten wajar menika dipunkubur biasa wonten ing kuburan ingkang wonten ing desanipun. Sahingga ing mrika boten wonten tiyang ingkang dipunkubur amargi salahpati saha ngulahpati. Salahpati inggih menika tiyang-tiyang ingkang seda amargi kacilakan. Menawi ngulahpati inggih menika tiyang-tiyang ingkang seda amargi bunuh diri. Wonten ing kuburan ing Trunyan kathah sanget artha-artha ingkang kacecer ingkang minangka artha
Gambar Piranti ingkang dipunbektaaken kangge mayit
sangu saha piranti ingkang dipunparingaken miturut menapa ingkang dipunremeni utawi pakaryan saking tiyang ingkang seda menika nalika taksih gesang. Sedaya menika minangka pambukti saking raos tresna saking kaluwarga kaliyan tiyang ingkang seda menika.
Cariyos saking cara saha papan kuburan masyarakat Trunyan menika wonten mapinten-pinten versi, salahsatunggaling inggih menika kala rumiyin tiyang-tiyang ingkang kadesak awit saking wontenipun tiyang Jawa wonten ing Bali. Nemukake papan ingkang trep, ananging daerah kasebat nuwuhaken ambu ingkang wangi. Amargi papan menika minangka papan kangge umpetan menawi papan menika wangi, samangke badhe dipunpadosi tiyang. Awit saking menika, wonten ing ngandhapipun wit dipunparingi mayit, sahingga wit ingkang ambetipun wangi, wanginipun ical. Salajengipun mayit ingkang ambet busuk menika saged netral ugi.



(Dening Diah Fatmala Sari, 11205241019, PBD A/2011)