This is default featured slide 1 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.

This is default featured slide 2 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.

This is default featured slide 3 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.

This is default featured slide 4 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.

This is default featured slide 5 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.

Sabtu, 08 Maret 2014

puisi bencana



Ujian  dari­Mu

Ya Allah Ya Tuhan kami
Semua ini sungguh teramat pedih bagi kami
Cobaan apa yang sebenarnya Engkau berikan

Mungkin ini peringatan bagi kami
Mungkin ini sedikit ujian bagi kami
Atas kelalaian kami
Atas perbuatan kami
Serta atas semua kesombongan kami selama ini


Waktu demi waktu telah berlalu
Namun langit­Mu tetap bermuram pilu

Ya Allah Ya Tuhan kami
Ampunilah semua dosa kami
Kuatkanlah hati kami
Kuatkanlah dari segala ujian yang telah Engkau beri

Kami sungguh tak kuasa menolak
Namun kami  jua tak sanggup tuk menerimanya

22 januari 2014

Senin, 13 Januari 2014

Cerita Rakyat



Ki Ageng Sela

Dhek jamane kraton Demak, ing bawah Grobogan ana wong kang jenenge Ki Ageng Sela. Ki Ageng kuwi wes kawentar sekti banget. Dene pegaweane saben dina nggarap sawahe, nandur pari, palawija, lan liya-liyane. Kocapa nuju sawijining dina, kaya adat sabene, Ki Ageng Sela lagi macul ana sawah. Ing wektu iku mendhunge nggameng lan banjur wiwit grimis riwis-riwis. Ki Ageng terus wae olehe macul. Ora anatara suwe ing kono ana wong kaki-kaki teka, njur arep nyedhaki nggone Ki Ageng mau. Ning Ki Ageng wis waspada, ngerti yen kuwi dudu sabaene uwong, basan wus cedhak, kaki-kaki mau durung nganti bisa apa-apa, weruh-wweruh wis dicekel karo Ki Ageng.
Lha ngertia cah, bareng wong kaki-kaki mau dicekel, kuwi rak banjur kroncalan, malik rupane dadi nggegirisi. Rupane kuwi banjur malik dadi ula, ning gedhe tur untune njrengangah, dawa-dawa nganggo sungut. Wah medeni, lha wong kaki-kaki kok njur malih rupa dadi kaya ngono. Lha ngertia cah, sejatine sing dicekel Ki Ageng Sela kuwi bledheg. Sok nyamber uwong, nek kena ya bisa mati. Mulane, bocah-bocah yen udan aja sok dolanan ana njaba. Mengko nek kamiran kyai bledheg, pie, wedi ora? Nutugake dongenge mau, sing tak kandhakake wong kaki-kaki mau, sing nyedhaki Ki Ageng Sela, kuwi mau sejatine Kyai Bledheg sing memba-memba dadi wong tuwa, karepe ben ora ketara, arep nyamber Ki Ageng Sela.
Ning sarehning Ki Ageng Sela mau wong sekti, mula malah wis weruh sakdurunge, dadi bledheg durung bisa apa-apa, malah wis dicekel kuwi mau. Bledheg dicekel kuwi njur ora duwe daya, wose kalah prebawa karo Ki Ageng Sela. Saiki karepe Ki Ageng Sela bledheg kuwi arep diaturake menyang ratu Demak, ia Knjeng Sultan Bintara. Tenan bledheg ditampa dening Kanjeng Sultan, lan didhawuhi ndokok ana krangkeng wesi, diseleh ana ngalunalun. Wah la kocapa, wong ndelok kuwi rak ora karuan akehe, ndalidir saka ngendi-endi, saka ndesa-ndesa adoh ya pada teka, perlu ndelok bledheg kuwi mau. Kanggo pangeling-eling Kanjeng Sultan iya dhawuh marang abdi juru sungging (tukang gambar), didhawuhi nggambar bledheg kuwi kanggo rerenggan mesjid Demak. Wah cekake ing ngalun-alun Demak kono banjur rame dadakan kaya nek inuju ana kramean Grebeg Maulud utawa Grebeg Besar.
Kocaa ing antarane wong-wong sing padha nonton kono ana siji, wujude wong nini-nini wis tuwa banget. Kuwi rak ya kepengin arep ndelok. Tekane mrono karo nggawa bathok isi banyu. Sarehne sing ndeleng kuwi akeh banget, dadi nini-nini mau ya mesakake, ngesak-esuk pijer kontal, malah diusek uwong pirang-pirang, ora bisa nyedhak, lan ora bisa weruh, ning kok ya nekad wae, kadereng olehe weruh bledheg, diesuk wong akeh meksa ora gelem ngalah, pijer bali ndhesel ana ngarep. Saking tlatene, suwening-suweya bisa klakon tekan ngrep cedhak caket karo krangkeng, dadi bisa weruh nyata. Ning kocapa jebuleora kepingin bisa weruh wae. Basan wis cedhak, ora kanyana-nyana, jebulbanu sing ana bathok banjur disiratake neng kerangkeng.
Gleger dheeerrrrr, mengkono suwara sing kerungu seru banget. Wong-wong suwara sing kerungu seru banget. Wong-wong pirang-pirang ora weruh nalare, weruh-weruh krangkeng wesi banjur mbledhos dadi sawalang-walang. Bledheg sing dikunjara wis ilang bali menyang asale. Sing ndelok kono pating jlerit bingung bilulungan. Akeh uga sing ketaton lan kesangsaran. Lha ngertia cah, nini-nini kuwi mau, sejatine Nyai Bledheg, bojone Kyai Bledheg sing dicekel Ki Ageng Sela. Dadi tekane mrono mau mula are nulung kyaine supaya bisa luar saka krangkeng. Carane nganggo disirati banyu, sebab bledheg kuwi urie uga ana banyu, ning ora banyu kali utawa segara, banyune banyu ngawang-awang, yakuwi sing diarani udan. Hara nek ketiga kae sarehne ora ana bledheg. Bledheg ngalih nang tanah utawa negara liya sing ana udan.
Lha mengkono dongenge Ki Ageng Sela olehe nyekel bledheg. Banjur keriye kahanane ing Demak mau. Aku mau kandha yen Kanjeng Sultan dhawuh, suaa bledhege wis ucul, dadi gambare ya durug dadi. Sing wis bisa digambar lagi endhase karo gulu sethithik. Lha gambar kuwi ya meksa ditempleke ing gebyoke mesjig Demak. Seprene yen wong kepengin ndeleng ya bisa mbuktekake ana mesjid Demak. Sateruse kepriye lelakone Kai Bledheg , nalika semana Bledheg kuwi njur kanji, wedi banget karo Ki Ageng Sela dalah saturun-turune. Mulane serene, yen pinuju mendhung utawa grimis, banjur ana cleret mak byar, wong-wong banjur padha nyebut, ngucapake mangkene “I Gandrik, utrane ki Ageng Sela”. Nek wong wis bisa ngucapke mengkono kuwi, mesthi slamet ora disamber bledheg, jalaran bledhege wedi, wong sing ngucapake mau diarani anake Ki Ageng Sela.

Jumat, 10 Januari 2014

Satleraman Bab Sengkalan



Sengkalan

Tuladha sengkalan:
1. Sirna ilang kertaning bumi          : 1400
2. Sirnaning swara ngrasa tunggal  : 1670
3. Wiku sapta ngesthi ratu               : 1877
4. Putri tata trus manunggil             : 1953
Sengkalan yaiku engetan wektu kang mawa kadadean utawa lelakon wigati, kang lumrahe anggone mengeti cacahing taun ora katulis nganggo angka, ananging nganggo tetembungan utawa gambar.

Mungguh perlune supaya:
a. Olehe gawe pengetan (sengkalan) bisa kalarasake unen-unen karo kadadean utawa lelakon ingkang dipengeti.
b. Gampang anggone ngeling-eling, lan angel laline.

Wujud sengkalan:
1. Sengkalan Lamba, yaiku sengkalan kang cacahing taun kang dipengeti wujude nganggo tetembungan.
2. Sengkalan Memet, yaiku sengkalan kang cacahing taun kang dipengeti wujude nganggo sarana gambar.

Candra sengkala yaiku sengkalan kang pangetunge manut lakuning rembulan (taun Jawa).
Surya sengkala yaiku sengkalan kang pangetunge manut lakuning srengenge (taun Saka lan Masehi). Iki kaceke 78 taun. Taun Saka didadekake taun Masehi kudu ditambah 78 taun. Upamane: taun Saka 1896, taun Masehi 1974.
Kanggo nggoleki cacahing taun kang sinandi ana ing sengkalan, yaiku sarana ditegesi saka mburi mangarep.
Tuladha:
-        Tembung sengkalan “Angesthi rasaning janma”
-        Carane negesi:
1. Angesthi linggane esthi, yaiku gajah, awatak 8 (wolu).
2. Rasaning linggane rasa, awatak 6 (enem).
3. Janma duwe watak 1 (siji).
Saka iku tinemu angka: 8 6 1, dadi angka taun kawaca saka mburi 168. Tembung-tembung kang lumrah dianggo ana ing sengkalan, yaiku tembung-tembung kang diangge duwe watak wilangan, ing antarane tembung ing ngisor iki:
1.Awatak siji : Janma manungsa, perangan manungsa utawa kewan kang cacahe mung siji, barang kang awangun bunder.
2.Awatak loro      : Samubarang barang kang cacahe mesthi loro.
3.Awatak telu       : Geni, lan samu kang mawa geni.
4.Awatak papat   : Banyu, barang-barang kang isi banyu, tembung-tembung kang duwe teges gawe.
5.   Awatak lima     : Buta, panah lan angin.
6.Awatak enem    : Araning rasa, araning sadpada, tembung-tembung kang ateges kayu lan tembung-tembung kang ngemu surasa obah.
7.Awatak pitu      : Pandhita, gunung, nunggang jaran.
8.Awatak wolu     : Gajah, kewan kang rumangkeng.
9.Awatak sanga   : Dewa, lan barang-barang kang dianggep bolong.
10.          Awatak dasa : Samubarang tembung kang  ateges langit utawa dhuwur, lan tembung-tembung kang ngemu surasa ora ana.

Sakliyane tembung-tembung kang diangge duwe watak wilangan sing wis diterangake ana ing dhuwur, ana ancer-ancer surasa wataking tembung kanggo gawe sengkalan.
1. Guru Jarwa lan Guru Dasanama
Tembung-tembung kang adha tegese iku bisa nunggal watak.
Upamane: giri, ancala, ardi ingkang ateges gunung watak pitu.
2. Guru Wanda
Tembung-tembung kang padha wandane bisa nunggal watak.
Upamane: tembung tri watak telu, mula tembung mantri, atri, gotri, santri, patri, bisa watak telu.
3. Guru Kara utawa Guru Kriya
Upamane tembung asta awatak loro, tembung ngasta, nyekel, nggrayang, bisa watak loro. Tembung netra watak loro, mula tembung ndeleng, uninga, mandeng, mlerok, uga bisawatak loro.
4. Guru Sastra utawa Guru Aksara
Tembung giri watak pitu, mula tembung gora, gero, gorawa bisa duwe watak pitu.
5. Guru Warga
Uamane tembung naga watak wolu, mula tembung kang mratelakake jenenge kewan kang sawarga bisa watak wolu. Kayata: taksaka, baya, ula, sawer, cecak, tekek, lsp.
6. Guru Sarana utawa Guru Karana
Tembung kang dadi jalaran sarana utawa pirantikanggo ngrasakake duwe watak padha.
Upamane: rasa awatak ene, mula tembung ilat bisa watak enem jalaran dadi sarana ngrasakake asin, legi, kecut, gurih, anyep, lsp.
7. Guru Darwa utawa Guru Darbe
Upamane tembung geni awatak telu, mula tembung anas lan padhang bisa watak telu. Tembung banyu duwe watak papat, mula tembung sagara, tlaga, sendhang, lan beji bisa watak papat.
8. Alandhesan Kanyatan
Upamane tembung ratukanyatane ratu cacahe mung siji, mula tembung-tembung iku bisa watak siji. Tembung anganten mratelakake cacah loro, yaiku lanang lan wadon, mula tembung panganten bisa watak loro.

Kamis, 09 Januari 2014

Puisi

Puisi Untuk Sahabat

Indahnya Dunia Ini

Saat sang surya menyapa
Saat burung berkicauan
Saat itu pula aku merasakan
Indahnya hidup di dunia ini
Tiap detik tiap waktu
Slalu bersama
Ya, bersama....  bersama dirimu 
Sahabat sepanjang masa
Tak ingin rasana aku kehilangan mereka
Kehilangan akan Candanya....
Tawanya.... dan segala
Tentangnya....